Selasa, 08 Desember 2015

Sastra "Pesen kang Kaserat ing Novel Sala Lelimengan dening Suparta Brata"


Pesen  kang Kaserat ing Novel  Sala Lelimengan
dening Suparta Brata

            Novel Sala Lelimengan yaiku novel kang dikarang dening Suparta Brata. Kang dadi tokoh utamane yaiku Mokhamad Bakhtiyar. Mokhamad Bakhtiyar iku salah sijine wartawan asal Surabaya kang manggon ing Sala. Dheweke bisa terkenal ing kalangan keraton amarga niyate Bakhtiyar sing arep nulis crita bab riwayate Baidowi. Baidowi yaiku pahlawan kang berjasa ana ing jaman penjajahan Landa.
Novel kang terbit ing 2014 iki nyritakake jaman penjajahan Landa kanthi cermat lan teliti, kepriye kahanan jaman kuwi lan perjuangan para pahlawan. Dadi yen maca novel iki bakal bener-bener mbayangke kahanan penjajahan Landa utawa Jepang biyen. Novel iki sakliyane nyritakake babagan jaman penjajahan, nanging uga nyritakake bab katresnan Bakhtiyar marang putri keturunan keraton kang jenenge Estuningsih.
            Tokoh-tokoh ing novel iki dicritakake rinci banget, dadi sing maca bakal kegawa ing perasaane tokoh. Wong kang maca bisa njupuk hikmah saka novel iki, antarane yen dikei barang sing kudu dijaga ya kudu dijaga temenan supaya ora digawa karo tangan-tangan kang salah. Katresnan Estuningsih marang Bakhtiyar uga bisa diconto. Estuningsih kuwi bocah kang ayu lan patuh banget marang Bakhtiyar.
            Penulis uga menehi pesen babagan pentinge maca lan pentinge perduli karo sastra. Maca kuwi bisa nambah wawasan lan sastra kuwi kanggo mbentuk budi pekerti kang apik. Saka novel iki bisa nambah wawasan kita babagan novel-novel kang ditulis nganggo Basa Jawa, uga bisa gawe sinau yen arep nggawe karangan nganggo Basa Jawa. Nanging basa ing novel iki rada angel dingerteni, amarga pacelathon tokoh-tokohe nggunakake basa jawa dialek Surabaya, nanging inti-inti cerita tetep bisa dingerteni.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar