Tradhisi Nyewu ana ing Desa Terban, Pabelan,
Kabupaten Semarang
Istikomah
Bahasa dan Sastra Jawa, Istikomahunnes@gmail.com, 085642738735
Abstrak
Tradhisi asale saka basa latin traditio ateges diterusake utawa kebiyasaan,
ing pengerten sing paling sedherhana yaiku bab sing wis dilakokake saka biyen
lan dadi bab saka kauripan ana ing kelompok masyarakat, biyasane saka negara,
kebiyasaan, waktu, utawa agama sing padha. Bab kang paling mendasar saka
tradhisi yaiku anane informasi sing diterusake saka generasi menyang generasi,
sing awujud terlutis utawa lisan, amarga tanpa anane bab kasebut tradisi bisa
punah.
Tembung nyewu asale saka basa jawa sing tegese sewu. Tradhisi nyewu utawa
mengeti sewu dina ana ing budaya jawa, khususe sing dilakokake ana ing Desa
Terban yaiku prosesi ritual sajrone upacara mengeti ninggale wong sing bagiyan
saka upacara panutup kanggo ngeculake lan ngikhlasake arwah wong kang wus
ninggal marang Allah SWT. Tradhisi nyewu kasebut yaiku adat kebiyasaan
masyarakat sing wis turun temurun. Kulawarga sing ditinggalake biyasane dibantu
tangga teparo ing nyiyapake upacara nyewu kanggo ndoakake wong sing wis ninggal
kasebut.
Dadi tradhisi nyewu kasebut bisa
dadi media silaturahmi antar tangga utawa masayarakat saupengane, uga bisa dadi
media sedhekah, amarga ana ing tradhisi nyewu iki kulawarga kang ditinggalake
bisa mbagi pakanan sing wis disiyapake kanggo masayarakat saupengane.
A.
PENDAHLUAN
1.
Latar
Belakang
Akeh banget tradhisi ana ing Jawa khususipun jawa
tengah sing nganti saiki isih ngrembaka, nanging ora akeh para mudha sing
ninggalake budaya-budaya nenek moyang kasebut lan luwih milih budaya-budaya
Barat sing nilai-nilaine wis ninggalake nilai-nilai norma sing gathuk karo jati
dhiri bangsa.
Salah siijne budaya sing ana ing desa Terban, sing
saiki isih ngrembaka lan isih dilakokake karo masyarakat dhusun terban yaiku
tradhisi nyewu. Tradhisi nyewu utawa bisa disebut upacara mengeti sewu dina
ninggale wong sing dadi bagian penutup saka upacara ninggale song sawise
sadurunge ana adicara mitung dina uga nyatus dina. Tradhisi nyewu ana ing Desa
Terban wis ana kala biyen, amarga tradhisi kasebut yaiku tradhisi turun temurun
sing diwarisake nenek moyang. Tradhisi nyewu pancen ora namung ana ing Desa
Terban, nanging ing dhaerah liya uga ana tradhisi nyewu. Nanging dhaerah siji
karo sijine pesthi nduweni kaunikan dhewe-dhewe, pesthi daerah siji karo sijine
nduweni ritual-ritual sing bedha.
Tradhisi nyewu ing Desa Terban dilaksanakake sawise
nyewu dina ninggale wong sing biyasane diitung nggunakake tanggalan jawa.
Tradhisi nyewu iki biyasane diwiwiti nyembelih wedhus kanggo wujud sedhekah
karo masyarakat saupengan amarga mengkone daging saka wedhus sing disembelih
kuwi bakal dimasak lan dibagikake masyarakat saupengan.banjur ana uga adicara
tahlilan, istighasah lan maem bareng. Adicara kasebut biasane dianakake ing
wanci bengi. Ancase saka tradhisi nyewu kasebut yaiku kanggo ndoakake arwah
wong kang wis ninggal supaya amal-amale ditrima marang Gusti Allah lan bisa
mlebu suwarga.
2.
Rumusan
Masalah
Ngenani latar belakang ing nduwur, rumusan masalah
saka observasi iki yaiku kepriye proses ritual pelaksanaan tradhisi nyewu ana
ing Desa Terban, Pabelan, Kabupaten Semarang lan apa makna saka tradhisi nyewu
sajrone kauripun padinan sing hubungane karo agama Islam.
3.
Landasan
Teoritis
Tradhisi
ana
ing Kamus Besar Bahasa Indonesia (KBBI) yaiku adat kebiyasaan turun temurun
(saka nenek moyang) sing wis dilakokake sajrone masyarakat, penilaian utawa
anggapan yen cara-cara sing wis ana kalebu bab sing paling apik lan bener.
Nyewu ana ing Kamus Besar Bahasa Indonesia (KBBI) yaiku saka basa
jawa sing tegese sewu utawa bab iki nyebutake sewu sajrone sina, yaiku sewu
dina.
B.
METODE
OBSERVASI
Sajrone observasi iki kanggo ngentukake
informasi kang dibutuhake, penulis nggunakake metode survey lapangan lan uga
metode wawancara. Ing metode survey lapangan, penulis langsung neliti ana ing
lapangan lan ngamati langsung kepriye mlakune tradhisi nyewu sing dilaksanakake
ing Desa Terban, Pabelan, Kabupten Semarang. Lan sajrone metode wawancara
penulis nglakokake takon jawab karo narasumber uga tuan rumah sing ngadakake tradhisi
nyewu kasebut, dadi data babagan ritual sing dianakake valid.
C. HASIL DAN PEMBAHASAN
1. Ritual
dilaksanakake tradhisi nyewu ing Desa Terban
Ritual-ritual sing dilaksanakake ana ing dhaerah
siji lan sijine kuwi pesthine beda-beda, kasebut urutan ritual tradhisi nyewu
sing dilaksanakake ana ing Dusun Terban
a. Nyembelih
wedhus
Ritual
tradhisi nyewu diwiwiti karo nyembelih wedhus dening pemuka agama ana ing
dhusun kasebut. Nyembelih wedhus biasane dianakake wanci esuk mlebu awan amarga
ing wanci sore daging wedhus kasebut dimasak karo ibu-ibu sing biyasane melu
mbiyantu tuan rumah sajrone nyiyapake pakanan kanggo adicara bengine. Nyembelih
wedhus iki biyasane bapak-bapak uga mbiyantu wong sing arep nglaksanakake
tradhisi nyewu. Nyembelih wedhus iki ora kabeh warga sing nganakake tradhisi
nyewu iki nglaksanakake. Nyembelih wedhus namung dianakake karo wong sing
nduweni dhuit kang cukup kanggo tuku wedhus. Amarga nyembelih wedhus iki wujud
sedhekah kulawarga kang ditinggalake, dadi saikhlase lan semampune, oleh nggunakake
wedhus utawa karo kewan liyane. Biyasane yen ora wedhus bisa diganti karo
daging pitik. Nyembelih wedhus kasebut kanggo wujud syukur amarga wis diparingi
rejeki kang akeh dening Gusti Allah uga kanggo wujud sedhekah wong-wong kang
mbutuhake.

Gambar 1. Nyembelih
Wedhus Dening Pemuka Agama
b. Tahlilan
Wengine sawise shalat
isya sekitar jam 19.30 dianakake adicara tahlilan. Sing teka biyasane
bapak-bapak ing Desa Terban, amarga ibu-ibu wis kebagiyan mbantu ana ing pawon.
Kulawarga almarhum ngundhang warga saupengan lan kerabat-kerabat cedhak kanggo
melu adicara tahlilan lan yasinan kasebut. Adicara yasinan lan tahlilan
biyasane ana jedha kanggo maem pakanan cilik-cilik sing wis disiyapake tuan
rumah. Pakanan-pakanan sing dicawisake biyasane didelehake ana ing piring lan
disajikake kanggo warga sing teka ing tahlilan kasebut. Sawise adicara yasinan
lan tahlilan rampung banjur dipungkasi donga bebarengan. Sadurunge warga
dientuki bali, tuan rumah wis nyiyapake pakanan sing biyasane ana daging wedhus
sing wis disembelih ing wanci esuk, banjur warga sing teka maem bebarengan. Sawise
rampung maem bebarengan tamu undhangan diwenehi berkat siji-siji kanggo digawa
bali. Berkat kasebut biyasane isi sega, mie, kering tempe, daging pitik utawa
daging wedhus, kentang, lan sapanunggalane. Didelehake ing bakul lan dibungkus
nganggo plastik. Nanging kadhang ana sing arupa bahan pakanan mentah, saiki
nanging wis jarang ana.

Gambar 2. Warga Hadhir
ing Tahlilan lan Maem Bebarengan
c. Istighasah
lan Maem Bebarengan
Dina keloro sawise
tahlilan lan yasinan, ing wanci kang padha sawise shalat isya sekitar jam
19.30, dianakake istighasah ana ing omahe kulawarga almarhum lan maem
bebarengan. Kulawarga almarhum uga ngundhang warga sekitar utamane
sesepuh-sesepuh dhusun. Istighasah nduweni tujuwan kanggo nginget dosa-dosa
kang pernah dilakokake lan kanggo wadhah nyucikake dhiri. Banjur ditutup kanthi
dongakake almarhum lan dilanjutake maem bebarengan. Sawise kuwi para warga sing
teka bisa bali omahe dhewe-dhewe. Biyasane jam 22.00 adicara istighasah
dipungkasi.
2. Makna
saka tradhisi nyewu sajrone kauripun padinan sing hubungane karo agama Islam.
Liyane kebiyasaan-kebiyasaan sing wis ngembang ana ing
masyarakat khususe Jawa lan wis dadi tradhisi-tradhisi sing diuri-uri turun temurun,
nanging saya ngembange zaman tradhisi-tradhisi kasebut bisa luntur lan bisa
ditinggalake sebagiyan dhaerah amarga kurange pemahaman lan pengetahuwan apa
manfaat lan rahasia ana ing tradhisi kasebut sing sesuwe iki dijaga dening
nenek moyang kita
Sejatine budhaya nyewu yaiku kolaborasi saka budhaya jawa
tradhisional karo Islam ding digawa dening para Walisongo sing awale saka
budhaya agama Hindu-Budha kayata adicara geblak, nelung dina, mitung dina,
matangpuluh, nyatus lan sapanunggalane uga tradhisi nyewu. Ana ing agama Islam
sejatine wis dadi warisan jaman Islam sadurunge lan dadi anjuran saka Nabi
Muhammad SAW. Bab iki dianakake supaya wong kang wis ningga mbok wis ana ing
alam kubur naning isih bisa entuk donga saka kulawarga sing isih urip.
Ananging nilai-nilai sing terkandhung ana ing tradhisi nyewu
nduweni fungsi kanggo njalin hubungan kang harmonis lan bisa padha maafake
antara warga masyarakat sing isih urip karo almarhum sing wis ninggal amarga
tahu nduweni hubungan sing ora apik nalika uripe. Ndadekake bab sedhekah,
kayata wujud nyembelih wedhus lan dibagikake karo warga saupengan. Kulawarga
sing ditinggalake ngundhang tangga teparo kanggo teka ing omahe supaya melu
adicara tahlilan, istighasahan, ngirim donga bareng-bareng, maem bebarengan, sarta
banjur para warga kang teka diwenehi berkat, buah tangan kanggo nambah erate
saudaran sing ndadekake saya erat silaturahmi marang tangga, sejatine yen wong
Jawa diwenehi maem kuwi atine gampang nrima lan luluh. Saengga adicara nyewu
banget pas e dianakake kanggo bentuk nyuwun ngapura saka almarhum kanggo
tangga-tangga, menawa almarhum pernah nglakokake bab kan ndadekake ora enak ing
ati.
Tradhisi nyewu sing dianakake nalika sewu dina ninggal
miturut masyarakat Jawa kalebu bab kang becik, becik amarga dianjurake dening
Nabi Muhammad SAW. Ana ing agama Islam wis dijelasake yen sedhekah kuwi yaiku
saapik-apike lawang kabecikan. Kabecikan kasebut arupa anane nilai sedhekah lan
silaturahmi kulawarga almarhum karo para tangga kanggo ngraketake tali saudaran
padha-padha muslim. Diarepake pahala saka donga bebarengan ing sajrone tahlilan
utawa yasinan bisa tekan marang almarhum. Selametan nyewu sing biyasane
dianakake saka bandha almarhum dhewe utawa saka bandha kulawarga almarhum.
Sajiyan utawa bahan sing diwenehke masyarakat ora kudu awujud pakanan, nanging
uga bisa arupa liyane. Bab kasebut sesuai karo kadhar kemampuwan saka pihak
kulawarga masing-masing sing nganakake, amarga tradhisi nyewu iki ora maksa,
sedhekah kuwi saikhlase lan sabisane.
D.
PENUTUP
1.
Simpulan
Tradhisi nyewu yaiku
tradhisi Jawa sing kaitane erat karo Islam sing kudu diuri-uri, amarga tradhisi
nyewu iki nduweni makna-makna sing ndadekake kabecikan kanggo masyarakat,
kayata kanggo bentuk silaturahmi antara warga lan uga kanggo media sedhekah
wong-wong kang mbutuhake.
2.
Saran
Supaya tradhisi nyewu iki bisa
tetep eksis ing budaya Jawa, kita generasi mudha kudu nguri-uri lan njaga terus
warisan nenek moyang kasebut. Generasi tuwa uga kudu ngenalake lan ngajarake
tradhisi sing wis ana suwe saka jaman nenek moyang sing nduweni nilai-nilai
kabecikan sing dinajurke dening Nabi Muhammad.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar