Geni
dening Istikomah
Geni kang wis sumebar
Ora gampang bisa
dipateni
Nadyan disiram tirta
Geni kuwi ora preduli
Geni kuwi tansah murub
Kaya panasing ati iki
Panas kang ora bisa
diademi
Lan geni kang ora bisa
dipateni
Nalika weroh sliramu
nyandhing wong liya
Awak iki ora kuwawa
Yen kahanan kaya
mangkene
Ning ati tansah mbekas
lan angel dituntas
Tidak ada komentar:
Posting Komentar