Kekancan Sejati
Rika
kuwi pancen bocah umur 9 taun, nanging dheweke wis bisa mikir dhiwasa anggone
kekancan. Nalika kancane kesusahan dheeweke tansah ngewangi lan ngei apa sing
dheweke nduweni. Uripe kang kacukupan lan sarwa ana, malah turah-turah ora
ndadekake dheweke sombong lan milih-milih anggone kekancan. Saka cilik ibune
wis ngajari bocah wadon kang jilbaban kuwi ngei sih welase liyan. Saben sesasi
pisan Rika karo bapak ibune menyang panti asuhan kang dinduweni bapake. Bocah
kang ana ng panti asuhan kuwi akeh, kira-kira patang puluhan. Ana ing panti
asuhan kuwi ana bocah lanang seumuran karo Rika, jenenge Lukman. Rika uga
kekancan karo bocah lanang kang kulite sawo mateng lan katon kuru kuwi. Nalika
dolan menyang panti asuhan, wong sepisan sing digoleki Rika mesthine Lukman.
“Man,
ayo dolanan ning lapangan kana, aku iki mau gawa bal saka ngomah.” Ajake Rika.
“Aku
kudu ngombe obat sik, Rik. Yen ora ndang ngombe ngko ndak didhawuhi Bu panti.”
Wangsulane Lukman.
“Kowe
kuwi napa kok saben aku rene kudu ngombe obat, aku ora ngombe ya orapapa kok.” Rika
mekso Lukman dolanan neng lapangan.
Banjur
tanpa ngombe obat dhisik, Lukman lan Rika playon lan dolanan neng lapangan.
Kekarone katon bungah lan seneng. Nanging dumadakan ambegane Lukman kuwi banter
lan dheweke ora bisa mlayu. Sirahe krasa mumet lan bruwet anggone ndelok
saupengane.
“Ana
apa, Man. Kenapa awakmu ?” Pitakone Rika katon panik
Lukman
ora bisa mangsuli amarga dheweke wis tumiba neng lemah lan ambegane saya suwe
saya banter. Banjur Rika mlayu ngundang bapak ibune.
Lukman
digawa menyang rumah sakit marang bapak ibune Rika uga ibu panti. Lukman
didelehake ana ing ruang ICU. Keadhaane wis mrihatenake. Delok keadaane Lukman,
Rika mung bisa nangis. Dheweke ora nyana yen pangajake mau ndadekake Lukman
kaya ngono.
“Bu,
Lukman kenapa kok dadi kaya mangkono ? Apa gara-gara awakku?” Pitakone Rika
marang ibune katon nangis meseseken.
“Wis
nduk, dongakna wae Lukman orapapa.” Wangsulane ibune
Ibune
Rita wis ngreti apa kang wis kedadeyan marang Lukman. Amarga Ibune Rita wis
ngreti Lukman saka dheweke ijek bayi, nalika 9 tahun kepungkur Lukman
diwenehake neng panti asuhan. Lukman kuwi sejatine bocah kang lahir prematur
uga bapak ibune wis ora ana. Ibune ninggal nalika nglahirake dheweke lan bapake
ninggal kecelakaan nalika ibune ngandhut. Amarga wis ora nduwe sanak sedulur,
Lukman banjur diwenehake neng panti asuhan dening rumah sakit nalika dheweke
lahir. Ibu panti uga sing dadi ibune saka Lukman cilik. Lukman kuwi nduweni
penyakit asma kang wis parah. Penyakit kuwi wis diduweni saka dheweke cilik.
Saben dinane kudu ngombe obat, amarga wis ora ana dalan liya supaya dheweke
tetep urip. Rita yaiku salah siji kancane sing paling dheweke tresnani.
Kekarone wis kekancan saka umur 5 tahun.
Jam
12 bengi suwasana ing rumah sakit wis sepi. Wis ora ana perawat utawa dokter
kang wira-wri kejaba siji loro kang lagi piket nunggu rumah sakit. Rita karo
ibune isih nunggu Lukman ana ing rumah sakit semono uga Bu panti. Bapake Rita
wis mulih amarga esuke kudu mangkat kerja. Dumadakan Lukman kejang-kejang lan
gawe sakabehane sing nunggu padha tangi
anggone turu. Wong-wong padha panik lan bu Panti banjur ngundang dokter. Rita
lan ibune dikon dokter nunggu ana ing jaba. Bu panti semono uga. Wong-wong
padha deg-degan lan panik nunggu ana ing jaba uga kanti donga supaya Lukman
diparingi keslametan. Nanging nalika dokter metu saka kamar anggone Lukman
dirawat raine katon sedhih lan kandhan:
“Bu,
menika kula kaliyan kanca-kanca sampun mboten saget mbiyantu, menawi lare
panjenengan sampun dipunpendhet dening Gusti Allah.”
Kabeh
wong sing ning kono padha nangis lan ora percaya yen Lukman wis ora ana,
utamane Rita. Rita mekso yen durung weroh Lukman dheweke ora percaya yen Lukman
wis ora ana. Nanging sawise Rita weroh Lukman kang wis ora ambegan lan raine
katon pucet nangise saya banter lan ora percaya apa sing kedadeyan marang
Lukman.
Banjur Lukman dimakamake ana ing makam cedhak panti
asuhan. Saisine panti padha nandang duka. Lan sing paling duka Lukman wis ora
ana yaiku Rika. Kanca kang banget ditresnani wis ora ana ing sisehe, wis ora
bisa dolanan bebarengan, lan wis ora bisa anggone gegojekan. Rika ora bakal
ngilangke kenangan kang wis dilewati karo Lukman uga mung bisa donga supaya
Lukman, kanca kang banget dheweke tresnani bisa ditrima dening Gusti Allah.
-TAMAT-
Tidak ada komentar:
Posting Komentar