Sabtu, 02 Januari 2016

Tradhisi "Tedhak Siten"


Tedhak Siten

Tedhak siten iku salah satunggaling upacara adat jawa kagem bocah umuripun 7 selapan utawa 245 dinten, nalika bocah iku wau nembe pisanan ajar mlaku. Selapan yaiku kombinasi 7 dinten ing kalender internasional lan 5 dinten ing kalender Jawa. Selapan iku pendhak 35 dinten pisan.
Tata Caranipun upacara tedhak siten, yaiku :
1.      Ingkang kapisan, bocah dituntun ibune mlaku maju lan ngidhak jadah 7 werna ingkang kagawe saking ketan. Werna wernane yaiku : abang, putih, ireng, kuning, biru, ungu lan jambon. Jadah ditata saka warna sing padhang nganti warna sing peteng. Punika perlambang bocah saged ngliwati tantangan ing uripipun. Lan urip iku ora gampang nanging kabĂ©h alangan sing dirasakake mengko mesthi bakal ana dalan kang padhang tumuju kamulyan lan kasantosan.
2.      Ingkang kaping pindho, bocah dituntun munggah taangga ingkang kagawe saking wit tebu “arjuna” lajeng mudhun maneh. Tebu saking ukara “antebing kalbu” inggih tegesipun yaiku tekad ati ingkang mantep. Tebu “arjuna” nglambangaken supados bocah saged lelakon kaya Arjuna, ingkang nduweni watak satria lan nduweni tanggung jawab. Lelakonipun apik lan seneng tetulung , mbela kabeneran , lan bakti kaliyan Negara.
3.      Ketiga yaiku bocah dituntun kangge mlaku ing pasir. Bocah punika nyeker-nyeker pasir, ingkang nduweni tegese nggolek pangan. Karepe bocah saged nyukupi kaperluanne dhewe menawi sampun gedhe. 
4.      Ingkang kaping sekawan, bocah dipunlebetaken dhateng kurungan ingkang digawe apik lan dilambari klasa, ing njerone wonten akeh bandha-bandha kaya pari sabengket, kapuk sabengket, Piranti nulis, bokor kang diisi beras kuning, werna-werna jinis dhuwit, lan sk jinising perhiasan. Kurungan nglambangaken donya , dadi dikarepke bocah kuwi mlebu donya lan ing njero uripe saged kacukupan awit saking pakaryane ingkang sampun dipilih saking cilik.
5.      Ingkang kaping lima, bapak lan simbah bocah nyebar udik-udik utawi duit logam dipuncampur kembang. Karepe supaya si bocah nalika dewasa saged dadi bocah ingkang dermawan lan seneng tetulung. Amarga seneng menehi lan seneng tetulung, dheweke gampang nggolek rejeki.
6.      Ingkang kaping enem yaiku bocah wau diadusi ngangge banyu setaman ingkang sampun dicampur kembang-kembang (melathi, mawar, kenanga lan kanthil)
7.      Kapitu, ing pungkasan upacara, bocah didandani ngangem klambi resik lan apik. Karepe supaya si bocah nduweni dalan urip ingkang apik lan saged agawe seneng kaluwargane. Punika karepe ing uripipun, bocah punika saged arum jenenge lan saged ngarumaken jeneng kaluwargane.
8.      Dene ancase tedhak siten, atur puji sukur marang gusti Allah, dene wis paring kekuatan sarta keslametan nganti bisa ngidak bumi lan saged urip mandiri. Lan bibar punika , para tamu saged ndhahar panganan ingkang wonten.

Geguritan "Bapakku"



Bapakku
dening Istikomah
 
Bapak…
Sampun katah pengorbanan kangge kula lan ibu
Ingkang sampun panjenengan paringaken iki
Bapak…
Yuswa panjenengan sampun renta
Rikma sampun pethak
Tulang sampun rapuh
Uga kulitpun sampun keriput
Bapak…
Ngapura anakmu bapak menawi mboten saget berbakti kaleh panjenengan
Kekarep kula mugi gusti paring yuswa kang dawa marang panjenengan

Geguritan "Jilbab"


Jilbab
dening Istikomah

Jilbab ing sirahmu
Nutupi aurat kang kudu di laku
Jilbab kuwi bisa njaga awakmu
Saka wong kang ganggu
Ganggu urip kang congkrah

Jilbab kuwi kudu dijaga
Aja nganti ana sing mbukak
Amarga kudu di ati-ati
Supaya tekan ing ati

Geguritan "Pengen Bali"



Pengen Bali
dening Istikomah

Nalika aku lunga adoh saka omah
Lintang tansah ndelok ing sliraku
Nalika aku adoh saka omah
Tak sawah banyu kali sing ngalir
Tansah ngancani aku saben dina
Tak sawang godhong kang tiba
Apa mangkana kahanan uripku

Sanyatane awak iki pengen bali
Pengen nyandhing bareng kulawarga
Kulawarga kang ngenteni teka slira

Geguritan "Ndang Balia"


Ndang Balia
dening Istikomah

Nalika kahanan kaya ngene iki
Sliramu sing tak karepke ana ing ati
Nanging sliramu ora ana ing kene
Awak iki raos sepi
Ing dinaku
Pepilingku
Ngimpiku
Aku reti yen sliramu nung kene
Nanging awakmu ora ning sisehku
Sliramu sibuk karo donyamu
Donya kang ana wong anyar ing sisehmu
Sedhih tak simpen dhewe
Kangen tak rasakke dhewe
Nanging aku pitaya yen awakmu bakal bali
Bali ing sisehku iki

Geguritan "Esemu"



Esemu
dening Istikomah

Esemu nduk… ndandekake ayem ing ati
Lakumu tansah nyenengke wong kang ndeloki
Lenggak-lenggok ing panggung gedhe kang dihiasi
Ngarepe panggonan kang bisa dilungguhi
Rupamu katon edi
Diwenehi pupur kang wangi
Lan gincu lambe mbranangke esem
Mpripate belok ndadekake wong kesengsem

Geguritan "Mblenjani Janji"



Mblenjani Janji
dening Istikomah

Kelingan jaman semana
Jaman sliramu nyandhing awak ira
Apa-apa tak kekke sliramu
Sliramu kang ngayemi atiku

Nanging jaman iki wis ora kaya kuwi
Sliramu wis ora ana ing atiku
Amarga awakmu mblenjani janjimu
Janji sehidup semati
Janji kuwi wis ora bakal tak pitaya
Amarga wis ora dadi bab kang wigati