Sabtu, 02 Januari 2016

Geguritan "Perjuwangan"


Perjuwangan
dening Istikomah

Perjuwangan iki
Ewunan jangkal sikil iki
Lumampah ana ing lemah iki

Tapak kang wus tinipak ora bisa dibusak
Rasa kesel kang ana katutup niyat kang kuwat

Sikil iki bakal akeh jumangkah
Tangan iki bakal akeh nggenggem
Mripat iki bakal akeh nyawang
Lan lathi iki bakal akeh donga
Kabeh kuwi pesthi kaganti
Kaganti kahanan kang endah lan nengsemi

Tidak ada komentar:

Posting Komentar