Tedhak Siten
Tedhak
siten iku salah satunggaling upacara adat jawa kagem bocah umuripun 7 selapan
utawa 245 dinten, nalika bocah iku wau nembe pisanan ajar mlaku. Selapan yaiku
kombinasi 7 dinten ing kalender internasional lan 5 dinten ing kalender Jawa.
Selapan iku pendhak 35 dinten pisan.
Tata
Caranipun upacara tedhak siten, yaiku :
1. Ingkang kapisan, bocah dituntun
ibune mlaku maju lan ngidhak jadah 7 werna ingkang kagawe saking ketan. Werna
wernane yaiku : abang, putih, ireng, kuning, biru, ungu lan jambon. Jadah
ditata saka warna sing padhang nganti warna sing peteng. Punika perlambang bocah
saged ngliwati tantangan ing uripipun. Lan urip iku ora gampang nanging kabéh
alangan sing dirasakake mengko mesthi bakal ana dalan kang padhang tumuju
kamulyan lan kasantosan.
2. Ingkang kaping pindho, bocah
dituntun munggah taangga ingkang kagawe saking wit tebu “arjuna” lajeng mudhun
maneh. Tebu saking ukara “antebing kalbu” inggih tegesipun yaiku tekad ati
ingkang mantep. Tebu “arjuna” nglambangaken supados bocah saged lelakon kaya
Arjuna, ingkang nduweni watak satria lan nduweni tanggung jawab. Lelakonipun
apik lan seneng tetulung , mbela kabeneran , lan bakti kaliyan Negara.
3. Ketiga yaiku bocah dituntun kangge
mlaku ing pasir. Bocah punika nyeker-nyeker pasir, ingkang nduweni tegese
nggolek pangan. Karepe bocah saged nyukupi kaperluanne dhewe menawi sampun
gedhe.
4. Ingkang kaping sekawan, bocah
dipunlebetaken dhateng kurungan ingkang digawe apik lan dilambari klasa, ing
njerone wonten akeh bandha-bandha kaya pari sabengket, kapuk sabengket, Piranti
nulis, bokor kang diisi beras kuning, werna-werna jinis dhuwit, lan sk jinising
perhiasan. Kurungan nglambangaken donya , dadi dikarepke bocah kuwi mlebu donya
lan ing njero uripe saged kacukupan awit saking pakaryane ingkang sampun
dipilih saking cilik.
5. Ingkang kaping lima, bapak lan
simbah bocah nyebar udik-udik utawi duit logam dipuncampur kembang. Karepe
supaya si bocah nalika dewasa saged dadi bocah ingkang dermawan lan seneng
tetulung. Amarga seneng menehi lan seneng tetulung, dheweke gampang nggolek
rejeki.
6. Ingkang kaping enem yaiku bocah wau
diadusi ngangge banyu setaman ingkang sampun dicampur kembang-kembang (melathi,
mawar, kenanga lan kanthil)
7. Kapitu, ing pungkasan upacara, bocah
didandani ngangem klambi resik lan apik. Karepe supaya si bocah nduweni dalan
urip ingkang apik lan saged agawe seneng kaluwargane. Punika karepe ing
uripipun, bocah punika saged arum jenenge lan saged ngarumaken jeneng
kaluwargane.
8. Dene ancase tedhak siten, atur puji
sukur marang gusti Allah, dene wis paring kekuatan sarta keslametan nganti bisa
ngidak bumi lan saged urip mandiri. Lan bibar punika , para tamu saged ndhahar
panganan ingkang wonten.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar