Sabtu, 26 Desember 2015

Geguritan "Adhiku Lanang"



Adhiku Lanang
dening Istikomah

Wis le…
Tak kandhani ya…
Olehmu golek ngilmu sing tenanan
Aja mung dolan saparan-paran
Elinga bapak karo ibu ning ngomah
Sing golek dhuit kanggo kowe sekolah
Yen kowe sukses, bapak karo ibu bakal bungah
Delok anak lanang bisa urip kepenak
Donga lan pangestu mbakyumu iki tansah ngiringi lakonmu
Tansah tumindak becik lan tenanana
Supaya kabegjan lan sukses tansah ngiringi awakmu

Sastra "Ringkesan Novel Garuda Putih"

Ringkesan Novel Garuda Putih
Dening Suparto Brata

Garuda Putih yaiku durjana kang kondhang ing Surabaya. Akeh kadurjanan kang wis dilakokake. Ananging angel banget dicekel dening para polisi. Garuda Putih wis suwe dadi buronane polisi. Nanging dhweke julig, tansah nduweni cara kang cerdhik nalika gawe tindak kadurjanan
Kadurjanan keri dewe kang dilakokake dening Garuda Putih yaitu kasus Abisuna kang mati diprejaya Garuda Putih. Sadurunge Garuda Putih wis gawe kadurjanan gedhe ing Surabaya, dadi maling ana ing toko rajabranane Pak Suryapringga, Surabaya. Dheweke bisa njukuk bandha kang akeh tanpa bisa dicekel polisi. Sawise ngrampok Garuda Putih ninggal pesen kang tulisane “Sing njukuk aku, Garuda Putih!” ana ing serbet hotel ajeneng Hotel Argadalu. Polisi ngerasa ketantang ditinggali layang kaya ngono dening Garuda Putih. Karepe polisi nyekel Garuda Putih saya memba-memba.
Kasus kadurjanan ing toko rajabranane Pak Suryapringga durung beres, teka meneh kadurjanan  dening Garuda Putih kang kasil mrejaya wong selingkuh ana ing Hotel Tretes ajeneng Abisuna. Polisi digawe budreg maneh. Garuda Putih ra kecekel.
Abisuna yaitu salah sawijining pejabat pamrentah kang lagi tugas ana ing dhaerah cedhak Tretes. Abisuna pamit marang bojone arep lunga kaprelu tugas kepara seminggu, ananging malah nggawa wong wadon liya turu ana ing Hotel Argadalu, Tretes. Wong wadon iku jenenge Emi. Wong wadon langganan kang wis biasa dikontrak gawean ngancani turu wong liya. Ananging bojone Abisuna wis kongkon marang Bagus Pamutih supaya ngawat-awati tindak-tanduke Abisuna ana ing Hotel Argadalu. Bagus Pramutih uga dadi sasaran wong sing mrejaya Abisuna amarga pas mati, dheweke lagi nginep neng hotel kono kanthi kaprelu ngawat-awati Abisuna.
Abisuna katemokake mati dikendhat ana ing ngara-ara mburi hotel dening Manik lan Wicaksana, kang padha-padha dadi tamu hotel. Ana ing njero klambine Abisuna ana pesen kang tulisane “Paukumane kanggo wong slingkuh”. Tulisane iku persis karo tulisan ana ing pesene Garuda Putih nalika ngrampok toko rajabranane Pak Suryapringga. Iku ngapa sebabe kang disujana dadi pelakune yaiku Garuda Putih.
Pihak kepolisian kang dipimpin Kapten Muhajir digawe budreg maneh anggone ngrampungke perkara iki merga bukti kang diduweni ya mung padhane tulisan kang dinggo ngirim layang ana ing kadurjanane Garuda Putih. Pihak kepolisian kang ngrampungke perkara iki diewangi dening detektip kondhang, yaiku Detektip Handaka kang wasis anggone mbedhah perkara-perkara kadurjanan.
Detektip Handaka nyujani tunangane Rara Sumarni, yaitu Guritno. Rara Sumarni yaiku penakane Suhud kang nduweni hotel Argadalu. Perangane persis Garuda Putih sanajan jenenge disamar dadi Guritno. Detektip Handaka nyujani yen anggone nglakokake tindak kadurjanan Garuda Putih kui liwat Rara Sumarni kang cedhak karo wong-wongane hotel Argadalu.
Ananging kui mau mung lagi dadi sujanane pihak kepolisian lan Detektip Handaka. Ceritane gumantung amarga durung ana bukti kang kuat kanggo nyekel Garuda Putih.

Geguritan " Dhesaku"



Dhesaku
dening Istikomah

Dhesa aku dilahirke marang ibuku
Panggonan golek nafkah bapakku
Uga dhesa kang gawe waras awakku

Yen ndeleng apike alam dhesaku
Pikiran bisa tuntas sing mau lesu
Lan bungah ing sajroning atiku

Aku matur suwun marang Gusti
Kang wis nyepatakake dhesa kang endah iki
Uga kulawarga kang bisa nentermke ati

Gusti… muga-muga dhesaku dakrumat kanthi setiti
Dadi dhesa kang luwih apik lan masyarakat kang becik

Geguritan "Godhong Garing"


Godhong Garing
dening Istikomah

Godhong garing kang tiniba kuwi
Tansah kagaris ana ing Gusti
Amung bisa narima kahanan iki
Katonmu tansah ngetotke mlakune angina
Alembak-lembak tiba saka ranting
Godhong kang tiniba kuwi
Dadi panglipur ing awakku
Apa mangkono wong kang disepelekake

Geguritan "Koran Bekas"



Koran Bekas
dening Istikomah

Kucel, reged lan ora ana gunane
Kawur rono rene kena angina
Pating klasrah ora ana sing merdulekake
Kocar-kacir ngregeti dalanan

Deloken…
Koran kuwi ora mung siji
Koran kuwi ana kancane
Numpuk pirang-pirang
Golek welase liyan
Amarga kabejan ora tansah ngiringi

Geguritan "Wanita Shalihah"


dening Istikomah

Eseme…
Pratanda lembut tingkah lakune
Lan taat ibadhahe

Rambut kang katutup jilbab
Mlaku mangarep kanti nunduk
Amarga njaga martabate dadi wanita

Endah…
Tembung kang bisa dakucap
Bukti apike pribadhine
Wanita kang apik akhlak jaba njerone

Jumat, 18 Desember 2015

Sastra "Ringkasan Buku Lagendriya Pejahipun Menak Jingga"


RINGKASAN BUKU LAGENDRIYA PEJAHIPUN MENAK JINGGA
Oleh Soemarsana
 
RADEN DAMARWULAN PININTA SRAYA SANG PRABU KENYA, KADHAWUHAN ANYIRNAKAKEN MENAK JINGGA   
            Raja Putri Majapahit nembe redatos penggalihipun, amargi nembe angsal malapetaka. Ingkang sapisan amargi Sang Paman Ranggalawe, Adipati wonten ing Tuban, seda nalika nglampahi jejibahanipun supados mejahi Maharaja Urubesma saking Blambangan. Makaten ugi Sang Paman Sindura, Adipati wonten ing Kediri. Nanging wonten panci punika Raja Putri sampun maringi utus dhateng Ki Patih Lugender, kagem ngupadi bantuan perang, priyantun ingkang asma Raden Damarwulan. Uga amargi pawartos babagan pambiyantu punika mboten enggal rawuh, mila penggalihipun Sri Ratu minggah sedhih.
            Wonten satunggaling dinten Sri Ratu badhe ngawontenaken parsidangan. Ingkang rawuh, lenggah wonten ing madya Ki Patih Lugender; sisih kiwanipun yaiku Raden Arya Menak Koncar saking Lumajang, ingkang saget ngrebat kalih priyantun putra Adipati Ranggalawe saking asta mengsah wonten ing penjara. Kekalih putra punika Raden Buntaran ugi Raden Watangan samenika ugi nderek rawuh. Salajengipun rawuh Tumenggung Arya Sesimping, Raden Layang Seta, Raden Layang Kumitir, Tumenggung Arya Tiron, Tumenggung Menak Gianti, Tumenggung Rangga Minang Sraya ugi wadya bala Majapahit.
            Sri Ratu nyuwun pirsa babagan kasugengan priyantun ingkang rawuh. Salajengipun Sri Ratu nyuwun pirsa dhateng Ki Patih Lugender, babagan kasil saking ngupadi Damarwulan. Patih Lugender mangsuli menawi upadosipun kedadosan ugi samenika Damarwulan nenggo wonten njawi persidangan. Sri Ratu ngutus supados Damarwulan enggal dipuntimbali.
            Salajenge Damarwulan rawuh, Sri Ratu enggal ninggalaken persidangan, mlebet wonten istana kagem ndamel serat utus. Saksampunipun bibar serat utus dipunwenehaken dhateng Patih Lugender supados dipunlajengaken  dhateng Raden Damarwulan.
RADEN DAMARWULAN PAMIT DHATENG ANJASMARA
          Raden Dmarwulan kondur pamit kaliyan garwanipun, amargi pikantuk jejibahan saking Sri Ratu kagem perang nglawan Maharaja Menak Jingga. Raden Damarwulan tindhak dhateng Prabalingga namung dipunndereki kaliyan kalih punakawan kemawon.
RADEN LAYANG SETA TUWIN RADEN LAYANG KUMITIR KADHAWUHAN ANJAMPANGI LAMAHIPUN RADEN DAMAR WULAN
            Sri Ratu nembe lenggah wonten ing sajrone istana ugi majenipun inggih menika Dewi Rarasati tuwin Dewi Banuwati. Piyambakipun sedaya nembe ngendikakaken babagan kedadosan mbotenipun Raden Damarwulan sajroning nglaksanakaken jejibahanipun dhateng Prabalingga.
            Garwa Damarwulan ingkang asmanipun Dewi Anjasamara rawuh dhateng Sri Ratu banjur ngaras sukunipun Sri Ratu. Dewi Anjasmara nyuwun kaliyan Sri Ratu supados dipunpejahi kemawon amargi mboten kuwawi ngraosaken kacingkrangan. Amargi garwanipun nembe tindhak dhateng Prabalingga nglaksanakaken jejibahan anyirnakaken Maharaja Menak Jingga ingkang sampun kondhang saktinipun.
            Sri Ratu mangsuli, amargi Damarwulan kedadosan anyirnakake Menak Jingga, Damarwulan badhe dipundadosaken raja wonten ing Majapahit. Salajengipun Sri Ratu maringi utus dhateng patih Lugender supados maringi bantuan dhateng Damarwulan ingkang kathahipun sapratigan saking wadya Majapahit.
            Ki Patih Lugender salajengipun maringi utus dhateng kalih putranipun, yaiku Raden Layang Seta kaliyan Raden Layang Kumitir, supados mangarsani wadya bantuan punika.
BALANIPUN MENAK JINGGA PACAK BARIS WONTEN ING KADHIRI, LAJENG PRANG KALIYAN WADYA ING MAJAPAHIT
            Maharaja Dewasraya saking Sumenep ugi Maharaja Dawantaka saking Bandung mangarsani barisan ingkang panggenanipun wonten Kediri ugi dipundampingi Patih Demang Darpanila saking Sumenep ugi Patih Demang Macan saking Bandung. Piyambakipun sedaya nengga utus saking Menak Jingga supados nyerang Majapahit.
            Patih Demang Darpanila sakanca ngendikakaken sebab menapa utus penyerbuan Majapahit kasebat dereng ugi dugi, dados wadya Pecambeng asmane Sandung Gunung rawuh tanpa didhawuhi. Sandung Gunung nglaporaken manawi prajurit saking Majapahit dhateng ngriku. Ingkang dados pimpinanipun yaiku Raden Layang Seta ugi Raden Layang Kumitir.
            Mboten dangu pertempuran barisan Sumenep kaliyan Bandung ingkang barisan saking Majapahit. Perangipun dipunmimpangaken dening barisan saking Majapahit.
RADEN DAMARWULAN BADHE MALEBET ING PASANGGRAHANIPUN PRABU URU BESMA
          Saksampune mimpang perang dados Raden Layang Seta ugi Raden Layang Kumitir peparing  barisanipun wonten ing pinggir wana kaliyan ngenang marginipun Raden Damarwulan.
            Gantos dhateng Raden Damarwulan ingkang kendel wonten Caturdenda. Abdhi panderek kalih priyantun, pun Sabdapalon ugi Nayagenggong kapisah saking majikanipun. Sabdapalon ugi Nayagenggong nembe ngupadi dhahar.
            Saksampune ngempal malih, Raden Damarwulan nyuwun pirsa dhateng para panakawan kados pundi upakara kepanggih ugi perang kaliyan Urubesma. Kakalih panakawan maringi saran, supados Raden Damarwulan tindak dhateng keputrian kemawon. Saksampune dipunpenggalih Raden Damarwulan nampi upakara kasebat.
            Mila Raden Damarwulan ugi kalih pengiringipun nglajengaken wonten margi dhateng pager sela Prabalingga, ugi saksampune langkung pager sela lajeng dhateng taman Sari.
PRABU URU BESMA TANSAH GANDRUNG ASMARA, SINIWI PARA RAJA
          Prabu Menak Jingga wonten pasanggrahanipun Prabalingga nembe ngawontenaken persidangan kaliyan para raja. Ingkang rawuh adinda raja Wong Agung saking Madura, kakanda Wong Agung Balega ugi Wong Agung saking Bali. Prajurit-prajurit jangkep jagi siaga teng panggenanipun. Ingkang dipunngendikakaken inggih menika menapa Prabu Kenya saking Majapahit sampun dangu mboten mboten ugi ngabrit. Amargi punika Prabu Menak Jingga kersa nyerang Majapahit.
            Dereng kadadosan ngendikanipun para nalendra, Ki Patih Gajah Dungkul rawuh dumadakan ing sajroning pasidangan menika. Ki Patih Gajah Dungkul ngendika manawi Raden Buntaran ugi Raden Watangan dipunrebat saking pakunjaran dening Menak Koncar. Menak Jingga duka nampi warta kasebat.
            Dereng mandheg murkanipun Menak Jingga, Patih Macan Gleyang dumadakan ugi rawuh wonten ngajengipun Menak Jingga. Sang Prabu kaget temenan. Macan Gleyang ngendika manawi barisan ageng saking Majapahit dugi ingkang dipunpimpin dening Raden Layang Seta ugi Raden Layang Kumitir. Kedadean paperangan ugi akhiripun Macan Gleyang kasoran.
Amargi punika mila Prabu Menak Jingga enggal mandhap saking Singgasana ugi mlebet pasanggrahan gantos ageman kaprajuritan.
RADEN DAMARWULAN KEPANGGIH KALIYAN PARA GARWANIPUN PRABU URU BESMA
          Wonten keputrian, tiga garwa Prabu Menak Jingga yaiku Dewi Juwitawati, Dewi Juwitaningsih ugi Dewi Juwitaningrum, nembe ngendikakaken tujuwanipun Prabu Menak Jingga ingkang kersa anyirnakaken Majapahit. Kersa menika sasaenipun dipunsandekaken kemawon, sabab amargi dipunlajengaken, Blambangan badhe risak piyambak.
            Dereng rampung pagineman piyambakipun sedaya, Damarwulan rawuh. Nanging mboten saged ketingal amargi migunakaken kasaktiyan penglimunan (kasaktiyan ingkang saged ical saking paningalipun sinten kemawon).
            Mila ketiga putri punika kejot amargi rawuhipun Damarwulan mboten katingal. Ketiga putri punika ngaras ambet arum lan dipunkinten saking jin, peri utawi dewa.
            Nanging saksampune ngaras ambet arum, lajeng ngaras ambet mboten nyamleng. Ambet kasebat asalipun saking agemanipun kalih panakawan, pangiring Raden Damarwulan. Damarwulan damel-damel yen panjenenganipun dewa ingkang asma Hyang Norasembada.
            Saksampune katingal ugi lan ngendika menawi panjenenganipun Damarwulan. Nanging ketiga putri punika tresna kaliyan Damarwulan, mekaten ugi Damarwulan. Lajeng para putri kersa maringi bantuan Raden Damarwulan manawi perang kaliyan Prabu Urubesma.
PRABU URU BESMA PEJAH DENING PRABU DAMARWULAN
          Nalika Prabu Urubesma kondur dhateng pasanggrahan, Prabu Urubesma kejot amargi mboten wonten sapriyantuna ingkang njemput Prabu Urubesma. Kawontenan ing sajrone pasanggrahan ncurigakaken sanget, lajeng Prabu Urubesma nimbali Dayun, abdi asih, ugi ngutus supados ngaturi para permaysuri.
            Dayun mlebet ing sajrone pasanggrahan ugi mboten dangu lajeng medal kaliyan marak dhateng Prabu Urubesma. Dayun nglaporaken manawi wonten lebet pasanggrahan wonten pandung. Prabu Urubesma murka sanget, ugi kersa nampi pandung kasebat.
            Nembe badhe mlebet wonten pasanggrahan, lajeng Prabu Urubesma dipunsambut dening Raden Damarwulan. Taken wangsul ugi perang kedadosan dipunantawis kekalihipun.
            Paperangan rame sanget, nanging akhiripun Raden Damarwulan pejah dipungada kaliyan Besi Kuning dening Prabu Urubesma. Amargi Prabu Urubesma sayah ugi ngantuk, lajeng Prabu Urubesma mlebet wonten pasanggrahan lajeng sare, layonipun Raden Damarwulan dipuntilar mekaten kemawon.
            Garwanipun Prabu Urubesma, putri saking Ngleri asmane Sang Dyang Suselawati, kaliyan putri saking Japan asmane Sesmitaningrum. Nalika Sang Dyang Suselawati ugi Sesmitaningrum mriksani Raden Damarwulan seda, kekalihipun nyedaki mayat Raden Damarwulan kaliyan nangis, ugi nyuwun kaliyan Dewata supados maringi Raden Damarwulan sugeng malih. Manawi panyuwunipun mboten dipunkabulaken, kekalihipun kersa nyawanipun dipunpundut.
            Panyuwunipun kekalih putri kasebat dipunkabulaken, ugi Raden Damarwulan sugeng malih. Raden Damarwulan kaget ningali kawontenan saupenganipun. Lajeng Raden Damarwulan tanglet kaliyan para putri kasebat. Para putri nyebataken asmanipun, lajeng ngendikakaken kedaden ingkang sampun kalampahan. Para putri badhe maringi bantuan kaliyan Raden Damarwulan kagem mendet gada pusaka Besi Kuning, manawi kadadosan kekalih putri badhe dipundandosaken garwanipun Raden Damarwulan.
            Pusaka Besi Kuning saget dipunpendet saking Prabu Urubesma. Saksampunipun pusaka kasebat dipunparingaken Raden Damarwulan. Raden Damarwulan kaliyan Prabu Urubesma perang malih. Nanging ing perang punika Prabu Urubesma pejah. Mustakanipun Prabu Urubesma dipunpenggal dening Raden Damarwulan lajeng dipunsembahaken dhateng Prabu Kenya wonten Majapahit. Juwitawati, Juwitaningsih dan Juwitaningrum diparingi utus supados njagi gada pusaka Besi Kuning ugi ngrimat mayatipun Prabu Urubesma.
PRABU DAMARWULAN WANGSUL DHATENG MAJAPAHIT AMBEKTA MUSTAKANIPUN PRABU URU BESMA, WONTEN ING MARGI KABEGAL RADEN LAYANG SETA TUWIN RADEN LAYANG KUMITIR
            Dipuncariyosaken manawi Raden Damarwulan, kaliyan kakalih tiyang putri tawanan, mbekta sirahipun Prabu Urubesma, langkung tebih saking Prabalingga ugi mlebet wonten ing wana.
            Raden Layang Seta tuwin Raden Layang Kumitir kaliyan barisanipun ingkang wonten ing tengah wana, mersani rombonganipun Damarwulan, lajeng nyedaki.
            Saksampunipun tangklet kabaripun sowang-sowang, mila Raden Layang Seta nyuwun warta babagan jejibahan Raden Damarwulan. Raden Damarwulan mangsuli dadosipun ugi dados bukti Damarwulan mbekta kalih priyantun tawanan putri ugi mustakanipun Prabu Urubesma.
            Kaliyan nulayani muslihat ingkang licik kekalih Raden ngendika menawi bukti kasebat dereng jangkep, sasaenipun mbekta bandha ugi jarahan lintunipun. Lajeng sirahipun Urubesma ugi kalih priyantun putri tawanan kersane dipunbekta dhateng Majapahit.
             Tanpa raos kuwatos Raden Damarwulan setuju saran punika ugi maringaken kalih priyantun putri tuwin mustaka Prabu Urubesma dhateng kalih rayi iparipun ingkang lajeng diserahaken dhateng prajurit lajeng dibekta dhateng Majapahit. Nanging saksampune kekalih iparipun punika nampi bandha kasebat, mila Raden Damarwulan tuwin kekalih pandherekipun dipun pejahi, lajeng dipun tilar.
            Raden Damarwulan sejatosipun namung semaput kemawon, semanten ugi kalih pandherekipun, lajeng gesang malih. Raden Damarwulan tuwin kekalih pandherekipun ngendika lajeng ngutusaken kagem kondur dhateng Prabalingga.
RADEN DAMARWULAN MANGSULI PUSAKA GADA WESI KUNING. PRA RATU SAMI TELUK, LAJENG DIPUN JAK SOWAN DHATENG MAJAPAHIT
            Wonten Keputrian Prabalingga Sang Dyah Juwitawati, Sang Dyah Juwitaningsih ugi Sang Dyah Juwitaningrum meggalihaken pangangkah Raden Damarwulan. Kenging menapa piyambakipun sedaya dipunutus njagi gada pusaka Besi Kuning ugi madosaken pejahipun Prabu Urubesma. Raden Damarwulan janji badhe kondur.
            Dereng rampung pagineman piyambakipun sedaya, keresahi kerawuhan Raden Damarwulan ugi kekalih pandherekipun. Raden Damarwulan maringi ngertos menawi panjenenganipun wonten tengah margi dibegal kalih tiyang Majapahit lajeng dipunrampas mustakanipun Urubesma ugi kalih priyantun putri tawanan. Saksampune panjenenganipun gadhah kersa badhe mbekta gada Besi Kuning ugi sedaya boyongan dados bukti kamimpangan. Saran katiga putri punika supados Raden Damarwulan dados raja wonten Prabalingga. Damarwulan nginggihi saran menika ugi ngutusaken kersanipun pra putri ngagem ageman keprajuritan. Amargi menika para putri mlebet pasanggrahan kagem gantos ageman.
            Wonten Prabalingga, para raja, para dipati kaliyan para prajurit sampun siap siyaga wonten pasembahan. Rawuh wonten pangajengipun nggih menika Maharaja Dewagung Walikrama, Raden Panata Singron, Raden Wijanarka, Raden Sarijana lan para wadya Blambangan. Piyambakipun sedaya rumaos gumun menapa Prabu Urubesma sampun dangu mboten ngawontenaken persidangan. Salajengipun Ki Lurah Dayun rawuh mbekta serat kaping tiga prameswari dhateng Maharaja Baudenda, Maharaja Carang Waspa, lan Maharaja Bali. Surasanipun serat menika ngandaraken manawi Prabu Urubesma sampun pejah wonten perang ingkang mengsahipun Duta Nata Majapahit ingkang asma Raden Damarwulan.
            Saksampunipun maos serat menika panggalihipun ketiga Maharaja menika merneni. Wonten ingkang kersa nglawan lan wonten ugi ingkang badhe nyerah.  Panggalihipun kasebat keganggu kalih rawuhipun Raden Damarwulan ingkang dipuniringi upacara sami kaliyan wekdal Prabu Urubesma rumiyin.
            Ketiganipun raja kasebat bringsut lenggahipun, lan saksampunipun mirsani kawibawan Raden Damarwulan, katiga raja kasebat lenggah tunduk kanthi hormatipun, dipundhereki kaliyan para prajurit.
            Amargi sedaya sampun nyerah, mila Raden Damarwulan maringi utus supados siap siyaga badhe sowan wonten Majapahit.
PATIH ANGKATBUTA ONGKOTBUTO BOTEN PURUN TELUK, LAJENG TIWAS PRANG KALIYAN PARA RATU TELUKAN
            Wonten barisanipun Kediri, Patih Angkatbuta lan Pati Ongkotbuta nembe kempal ngawontenaken pertempuran kaliyan Adipati Pakayangan, ingkang asma Adipati Premangsul, Raden Arya Jayalelana, Adipati Prabalingga, Raden Udan Prahara, Raden Barat Katiga lan para prajurit. Ingkang piyambakipun sedaya ngrembag bab penyeranganipun Majapahit. Ingkang sampun dangu dipuntangguhaken.
            Dereng rampung pirembagan piyambakipun sedaya, rawuh prajurit pamlajengan saking Blambangan ingkang asma Cukil Manik, ingkang ngendika manawi Prabu Urubesma sampun pejah kaliyan pandung sakti.
            Mireng pangandikan menika mboten kaping-kaping dukanipun piyambakipun sedaya, ngenget kasaenanipun ingkang raja dhateng piyambakipun ingkang sampun-sampun. Enggal piyambakipun sedaya njagikaken barisan kagem ngawontenaken prahitungan.
            Wonten margi piyambakipun sedaya kepanggih kaliyan prajurit saking Madura ingkang ndadosaken pertempuran. Saweg menika ugi rawuh barisan saking Balega lab Bali. Wonten peperangan menika pranyata Barat Katiga kaliyan udan prahara gugur. Mekaten ugi Patih Angkatbuta gugur saha ugi Patih Ongkotduta.kaliyan guguripun kekalihipun patih menika para prajurit mbucal tombak lan mlajeng pados kauripan.
            Pasanggrahan Angkatbuta lan Ongkotbuto dipunlenggahi kaliyan Raden Damarwulan. Piyambakipun enggal-enggal mrentahaken supados para wadya sedaya kendel lan rena-rena sasampunipun mimpang perang tamat.