Nrima Kanti Ikhlas
Dina-dina
Andi mung bisa nyawang jaba nalika mangsa rendheng, mangsa kang saben dina udan
niba tanpa wayah. Biyasane udane kuwi ya nalika bengi, dadi anggone Andi numpak
motor menyang sekolah ora kudanan. Wayah
esuk bocah lanang kang awakke dhuwur gagah lan rambute sing klimis sajake kaya
boy band kuwi sarapan neng meja makan kang wus disiyapake marang Mbok Rati,
rewange kang kira-kira wis 30 tahunan kerja ana ing omahe Andi. Mbok Rati wis kerja neng kono nalika ibune
Andi isih ana lan Andi durung metu. Saka bayi Andi wis dirumat karo Mbok Rati.
Jam
pitu kurang seprapat Andi menyang sekolah kang jarake ora adoh saka omahe, Andi
mlebu kelas gedhung ndhuwur dhewe, amarga kabeh bocah kelas 3 kang ana ing SMA
ne didokokake ing gedhung ndhuwur. Nalika bocah-bocah lagi rame ing kelas, Bu
Wina, guru Basa Jawa teka lan gawa bocah wadon ayu. Sajrone kelas sanalika
padha meneng, utamane bocah lanang.
“Bocah-bocah
dirungokake, kenalna iki Arina bocah pindahan saka SMA 1 Terban, padha dibantu
ya cah anggone sinau lan kekancan.” Ngendikane Bu Wina karo nggandheng Arina.
“Nggih
Bu”. Sakelas bebarengan padha ngomong, namung Andi tok sing meneng ora nggagas.
Banjur
Bu Wina akon bocah wadon kang nduweni rambut dawa lan kulit putih kuwi mau
lungguh ana ing sisehe Andi, nalika Arina arep ngajak kenalan Andi ora digubris,
banjur Arina trima meneng.
Jam
wayahe bali sekolah wis tumiba, banjur Andi bali omah nganggo motore. Ana ing
mburi katon bocah wadon ngetutake dheweke, nganggo motor warna ping lan helm
ping uga. Banjur Andi nggeblaske motore ora nggagas bocah kuwi mau. Tekan
ngomah Andi penasaran ana mobil ing garansi, kang sasuwene bapake lunga sepuluh
taunan ora ana sing ngenggoni. Tekan njero omah Andi wes weroh bapake kang
kira-kira sepuluh taunan dheweke ora ketemu kuwi nyandhing wong wedok kira-kira
umur 40 taunan. Andi banjur disikep
bapake, Pak Darma nanging dheweke ngeculne sikepane bapake.
“Piye
le, kabarmu ? Bapak bali le, nggawa ibu kanggo awakmu, supaya bisa nggantekke
ibumu nyayangi kowe lan bisa ngrumati awakmu.” Kandhane bapake Andi sajak
terharu.
“Apa
golek ibu kanggo aku ki kudu lunga ora bali pak ? aku ki mung butuh sayange
bapak, bisa ana ing sandhingku ngrumati aku, ora lunga adoh lan bali-bali kaya
mangkene iki, Pak.” Wangsulane Andi mripate katon mbrambang.
“Ngapurane
bapak le, bapak ki ora sanggup yen kudu kelangan ibumu, bapak ki pancen wis tua
le, nanging bapak ora bisa yen kudu urip dhewe, dadi bapak golek ibu uga kanggo
awakmu, iki kenalna Arina sing bakale mengko dadi adhimu.” Kandhane Bapake Andi
karo narik Arina kang wis ana ing mburine Andi ket mau.
Andi
weroh Arina banjur kaget, amarga bocah wadon kang murid anyar ana ing kelase mau
bakal dadi adine. Banjur Andi mlayu menyang kamare ora gubris diceluki bapake.
Andi banjur lungguh ning ngarep laptop mung bisa ngrasake jengkel amarga sipate
bapake kang mangkono.
Dina
Minggu malem Senin, Bapake Andi kandhan karo Andi yen dheweke karo ibune bakal
lunga menyang luar negeri sesasi amarga ana urusan kerjaan, banjur Andi dikandani supaya bisa njaga Arina. Andi
mung manthuk tok ora mangsuli apa-apa.
Sawise
bapak lan ibune menyang luar negeri, nalika menyang sekolah Andi ora mbarengi
Arina, kekarone padha nggawa motor dhewe-dhewe, mbok sekolahe padha, Arina ora
tau digubris marang Andi. Saben dina Arina gawa bekal saka ngomah, Andi uga
digawakake siji, nanging nalika diwenehake Andi, langsung disampar banjur padha
kocar-kacir.
“Ora
usah predhuli karo aku, kowe uripa neng omahku nanging aja nganti kowe ngurusi
uripku.” Kandhane Andi sajak galak karo Arina.
Arina
mung bisa meneng lan sedhih ngrungokake kandhane Andi kuwi mau. Arina banjur
ngresiki bekal kang utah ing jubin lan disapu kanthi resik.
Ana
ing ngomah, Arina katon ewang-ewang Mbok Rati.
“Ealah
mbak, wonten kamar kemawon mboten usah nderek wonten dhapur.” Kandhane Mbok
Rati karo mesem-mesem.
“Mboten
napa-napa, Mbok, yen ora ewang-ewang ya bingung arep napa, kene Mbok tak ewangi
masak, dina iki arep masak apa, Mbok kanggo mangan mengko sore ?”Pitakone Arina
“Sayur
asem, Mbak menika kesenengane Mas Andi, sedina-dina mung pengen dimasake sayur
asem.” Wangsulane Mbok Rati
“Kene,
Mbok tak masake wae, aku yen sayur asem bisa, Mbok Rati memeni klambi sing
dikumbah mau wae.” Akone Arina marang Mbok Darmi.
Banjur
Mbok Darmi nyaguhi lan menyang mburi omah memeni gombalan kang wis dikumbah.
Arina masak kanthi cekatan amarga wis biyasa anggone masak, apa meneh sayur
asem.
Nalika
saka WC, Andi weroh Arina masak ing dhapur, dheweke ndelokake ing raine Arina kang
sumringah lan ayu temenan. Nalika kuwi Andi guya-guyu dewe amarga lagi sadhar
yen Arina kuwi ayu temenan. Nanging dheweke banjur mbalek meneh menyang kamar
lan nglalekake apa sing diangen-angen mau.
Apa-apa
kang dadi barange Andi saiki kabeh disiyapake marang Arina, amarga dheweke
kepengin ngewangi Mbok Ranti. Saya suwe Andi welas marang Arina, amarga wis
ngrumati dheweke saben dinane, mbok dheweke ora tau digubris marang Andi,
nanging Arina tetep predhuli karo Andi.
Nalika
bali sekolah, Andi nyedhaki Arina kang lagi nonton TV ana ing ruang tamu
“Rin”.
Kandhane Andi sajak isin
“Piye
mas ? ana sing bisa tak bantu ?” pitakone Arina
“Ora
rin, aku mung kepengin jaluk ngapura karo awakmu yen wis tumindak kaya ngene
marang awakmu, aku lagi sadhar sejatine kowe kuwi ya adhi sing apek tenan,
ngapuraku ya Rin.” Kandhane Andi karo linggeh ing sandhinge Arina.
“Mboten
napa-napa mas, kabeh ki ya pancen butuh proses, yen langsung kon nampa ya ora
bisa.” Wangsulane Arina katon ngayemake ati.
Suwe-suwe
kekarone bebarengan nalika neng omah semono uga neng sekolahan, rasa tresna
Andi marang Arina saya jero. Yen nyawang eseme Arina saben dinane, Andi krasa
ayem lan kudu bisa nduweni bocah wadon kang dadi adhi tirine kuwi. Semono uga
Arina, nalika bapake ora neng omah Andi kangmase kuwi bisa njaga dheweke kanthi
temenan lan ngrasa aman. Tresna kekarone kuwi dudu tresna adhi marang kang mas,
nanging tresna sajak pengen nduweni lan nduweni ikatan sing luwih saka pacaran.
Neng
ngomah Andi lan Arina apa-apa dilakokake bareng, nganti Mbok Rati curiga amarga
kekarone katon romantis beda kaya dhek semono nalika Andi ora seneng marang
Arina.
Nalika
Andi lan Arina ana ing kamare Andi, lan kekarone mesra-mesraan, dumadakan Bapak
lan Ibune Andi bali. Nalika nggolei bocah loro kuwi ora ana, Bapake banjur
menyang kamare Andi, mbukak lawang kamar alon-alon lan weroh Andi lan Arina
mesra-mesraan, nanging Andi lan Arina ora sadhar yen Bapake mbukak lawang.
Tanpa piker dawa bapake banjur narik Andi lan digowo metu, Andi la Arina kaget
lan ora nyana yen bapake bakal weroh nalika kaya ngono kuwi. Bapake Andi banjur
napuk raine Andi lan akon Andi lunga menyang luar negeri melu bapake lan uga
pindhah sekolah supaya ora nduweni rasa tresna meneh marang Arina, amarga Arina
kuwi ya sejatine adhine tiri, nanging ora oleh ana anggone sesambungan.
Arina
krasa sepi amarga wis ora bisa gegojekan karo Andi, dheweke mung bisa mangkat
sekolah bali banjur mlebu kamar, ibune Arina nganti bingung kudu piye supaya
Arina ora sedhih kaya mangkono.
Nalika
wayah sore, Arina weroh mobil mandhek ngarep omah. Banjur bocah lanang lan
wadon ayu rambute sepundhak warna pirang metu saka mobil kuwi. Arina dikandani
ibune yen Andi bali omah banjur Arina mlayu saka kamar mbukak lawang. Nalika
weroh Andi, Arina seneng banget lan ngrangkul Andi. Nanging dheweke weroh bocah
wadon kang digawa Andi.
“Sapa
kuwi mas ?” pitakone Arina katon penasaran
“Iki
kenalna dhek, Sisi calon bojoku.” Sisi salaman karo Arina nanging ora digubris
Arina
kaget syok banjur mlayu menyang kamar lan nangis meseseken. Dheweke ora nyana
yen Andi bakal gawa wong wadon liya lan bakal nikah karo wong wadon liya
saliyane dheweke.
Nalika
persiapan nikahane Andi, Arina ora ngewangi blas, dheweke mung meneng sedhih
lan nangis ana ing kamar. Andi kepingin ngomong karo Arina nanging lawang
kamare dikunci lan ora dibukakake Arina.
Wayah
Andi lan Sisi nikahan wis diwiwit, nanging Arina tetep neng kamar ora bisa
nrima. Ibu lan bapake wis marani neng kamar, nanging ora dibukakake.
Acara
wis meh pungkasan, Arina banjur mikir dawa, kenapa dheweke kudu mekso Andi tresna
dheweke yen Andi wae ra tresna. Banjur Arina siyap-siyap nemoni Andi lan Sisi,
nyoba nrima yen wong kang ditresnani kuwi wes tresna wong liya.
Arina
metu saka kamar kanti mripat kang abang lan raine kang katon pucet. Dheweke
mara neng Andi lan Sisi, ngomong ngapura amarga ora bisa nrima yen kaya
mangkene iki. nanging dheweke bakal nyoba lan terbiyasa. Banjur Andi ngekep
Arina lan ngomong
“Rin,
adhiku. Ngapura kang masmu yen ora bisa dadi kang mas kang apek. Trimanen Sisi
dadi mbakyumu ya, Rin. Dadekna mbakyumu uga kancamu kang bisa nampa kabeh
critamu.” Kandhane Andi katon mbrambang.
Banjur
Arina janji bakal nyoba nrima yen wong kang ditresnani kuwi wis duweke wong
liya, mbok kuwi angel banget kanggo dheweke.
-TAMAT-
Tidak ada komentar:
Posting Komentar