Jumat, 16 Oktober 2015

Pendidikan " Ijazah Palsu Ngrusak Mutu Pendhidhikan Indonesia"


Ijazah Palsu Ngrusak Mutu Pendhidhikan Indonesia


            Warta kang lagi dibiwarakake ing sawatara iki yaiku warta kang mratelakake babagan ijazah palsu sing sipate ilegal. Ijazah palsu iki bisa ditemokake ing perguruan tinggi-perguruan tinggi Indonesia sing digawe dening oknum kampus. Nanging bisa uga digawe dening oknum kang ora ana hubungane karo kampus. Tanpa melu proses perkuliyahan, ijazah palsu iki bisa dientoki dening wong-wong kang nduwe dhuit akeh. Ijazah palsu iki didol tinuku kanthi gampang. Mula cepet nyebar ing dhaerah-dhaerah kang ana ing Indonesia.  Ora mung perguruan tinggi swasta sing nggawe ijazah palsu kasebut, nanging uga perguruan tinggi negeri sing wis kondhang ing Indonesia.
             Para oknum ilegal nggawe ijazah palsu kasebut kanthi gampang. Namung modhal printer, komputer, lan scanner, ijazah palsu wis bisa digunakake kanggo nglamar pagaweyan. Ijazah palsu digawe saka ijazah asli kang discan, banjur diedit kanthi ngubah jeneng wong kang bakal tuku ijazah kasebut, ngomonge AS salah sijining oknum kang ketangkep anggone gawe ijazah palsu (wartakota.tribunnews.com 4 Juni 2015).
            Saliyane oknum kang ora ana hubungane karo kampus, ana uga oknum kang nduweni jabatan ing kampus. Kanggo nduweni ijazah jenjang Strata 1 (S1) saka perguruan tinggi kasebut, wong kang tuku namung kanthi nglaksanakaken perkuliyahan 6 SKS (Satuan Kredit Semester) wis bisa nduweni. Padhahal kanggo ngintuki ijazah sarjana S1 kuwi kudu nglaksanakake perkuliayahan 144-166 SKS, lan kuwi bisa ditempuh kanthi wanci 4 tahun utawa wolung semester (Danim 2013:64). Ora perlu nglaksanakake kuliyah 4 tahun wis bisa entuk ijazah. Uga ora prelu ngadepi dhosen wanci ujian skripsi kang jarene medeni. Namung nyerahake data lan foto, ing waktu cepet ijazah kasebut wis bisa ditampa.
            Bab kang ndadekake ijazah palsu bisa laris, amarga regane sing murah. Luwih murah saka biaya kuliyah sing kudu dibayar ing sajrone kuliyah 4 tahun. Sak ijazah jenjang S1 direga namung Rp.7.500.000. Masyarakat kang ora nduwe biaya kanggo kuliyah bakal kepingin nduweni ijazah kasebut. Masyarakat namung ngumpulke dhuit lan njipuk ijazah kasebut tanpa kudu sekolah.
            Contoh pawarta kang mbahas babagan ijazah palsu yaiku kang kaserat ing liputan6.com, 05 Juni 2015 “Baru-baru ini, Lembaga Swadaya Masyarakat Forum Kalimantan Membangun melaporkan Iwan Kurniawan yang merupakan Anggota Komisi III DPR ke Mahkamah Kehormatan Dewan terkait dugaan ijazah palsu. Politikus Golkar yang baru-baru ini mengadakan sidang terbuka terkait gelar doktoralnya di Universitas Indonesia, Fayakhun Andriadi, angkat bicara. Dia menilai, jika memang terbukti menggunakan ijazah palsu, ini bisa merusak moral bangsa. Menurut dia, bila ada pejabat yang melakukan pemalsuan ijazah tersebut, itu sebagai cerminan minimnya penghargaan proses positif dalam menghasilkan produk yang terbaik (liputan6.com 05 Juni 2015).”
            Ing warta kasebat uga ngandharake yen Irwan Kurniawan nggunakake ijazah kasebut kanggo nyalon dadi anggota DPR. Babagan kasebat ndadekake rusak mentale anak bangsa. Pejabat tinggi negara sing gawe panutan wae nglakokake bab sing nyoreng donya pendhidhikan, banjur sapa sing bisa dadi panutan anak-anak bangsa mengko.
            Ijazah palsu iki kedadean amarga saya majune teknologi-teknologi kang ana ing Indonesia. Tekonologi-teknologi iki bisa ndadekake efek positif utawa negatif. Nanging sejatose akeh efek negatif kang diciptakake karo teknologi-teknologi kasebut. Yen ora ana komputer, printer, lan utamane scanner, ijazah palsu kasebat ora bakal kagawe.
            Sabab liya muncule ijazah palsu yaiku pejabat kang kepingin munggah jabatan luwih dhuwur. Pejabat kasebut kepingin nduwe ijazah saka perguruan tinggi tanpa kudu lewat jenjang perkuliyahan ingkang mbutuhake waktu sing suwe. Uga masyarakat kang terlalu ngoyak ijazah tanpa mikirke prosese. Masyarakat uga ngoyak ijazah palsu kanggo nglamar gaweyan. Gaweyan jaman saiki mbutuhake banget ijazah S1. Mbuh kuwi swasta utawa PNS syarat utamane yaiku lulus minimal S1. Amarga babagan kuwi, akeh wong kanthi cara gampang nglakokake kecurangan kanggo ngentuke pagaweyan kanthi cepet.
            Anane keadean ijazah palsu iki ndadekake kahanan pendhidhikan ing Indonesia saya suwe saya tambah rusak. Suhartono (2008:61) babarake yen umume pendhidhikan ing Indonesia kuwi lagi ngalami krisis. Nalika donya pendhidhikan ngalami kemajuwan ingkang gedhe ing aspek teknologi dan perindustrian, bab kuwi malah ndadekake pendhidhikan saya rusak. Kapan bangsa iki bakal maju yen masalah-masalah mutu pendhidhikan sangsaya suwe saya rusak. Bangsa iki bisa maju yen masyarakate wis bisa ngregani proses uga kerja keras. Kanthi proses lan kerja keras kang bener, uga bakal ndadekake kasil kang becik uga.
            Pendhidhikan kaya digawe dolanan lan dadi bab sing ora penting. Akeh wong bakal mikir yen arep entuk ijazah S1 kuwi bisa tuku. Ora prelu angel-angel kuliyah lan ngetokake dhuit akeh. Yen kabeh-kabeh bisa dituku dadi ora prelu sekolah meneh.
            Pendhidhikan kuwi bab sing penting banget kanggo kita kabeh. Ngetukake ijazah cara kang resmi kuwi bisa dilakokake kanthi cara kang apik. Nanging sing paling penting yaiku kemampuwan kang dientuki. Tanpa kemampuwan, ijazah kuwi mung kertas ora kanggo. Kaya kang diandharake dening Yamin (2012:63) sajrone Samba, “lebih baik tidak bersekolah bila tujuan bersekolah hanya semata mengejar sertifikat. Dia selanjutnya mengatakan bahwa apa artinya membangun gedung sekolah yang megah dengan pagar yang kokoh kalau hanya membuat penghuninya “bak katak dalam tempurung”, gagap menghadapi realitas dunia yang telah terlanjur mengglobal dan serba digital. Belajar ingin cerdas tidak boleh bergantung dengan apa pun dan siapa pun kecuali pada kemauan yang kuat untuk belajar itu sendiri.”
            Masyarakat kudu dikei ngreti yen sekolah kuwi ora mung golek ijazah, nanging kepriye nggunakake ilmu sing dientuk kanggo ngadhepi urip sesuke uga lingkungan masyarakat. Lan kepriye ilmu kasebut guna kanggo bangsa lan negara. Pagaweyan kuwi bisa digoleki alon-alon tanpa kudu malsuke ijazah. Yen dhewe nduweni niat kang gedhe  lan kerja keras pagaweyan bakal mara ing awake dhewe.
            Panemu ijazah palsu kasebat kudu ditumpes kanthi tuntas. Kepriye kahanane pendhdhikan Indonesia yen bab kang bisa ngisin-isinke negara kuwi bakal kasebar luas. Pemerintah kudu numpes perkara kasebut, amarga pendhidhikan kuwi yaiku pondhasi kanggo mbentuk bangsa lan masyarakat kang beradab. Tanpa pendhidhikan negara kuwi bakal ilang lan ora ana gunane.
            Pamarintah uga bisa ngei hukuman kang teges lan cetha kanggo wong-wong kang malsukake ijazah kasebat. Kayata unine pasal 263 KUHP kang diserat ana ing laman hukumonline.com (17 Feebruari 2015) yaiku “Barang siapa membuat surat palsu atau memalsukan surat, yang dapat menerbitkan suatu hak, sesuatu perjanjian (kewajiban) atau sesuatu pembebasan utang, atau yang boleh dipergunakan sebagai keterangan bagi sesuatu perbuatan, dengan maksud akan menggunakan atau menyuruh orang lain menggunakan surat-surat itu seolah-olah surat itu asli dan tidak dipalsukan, maka kalau mempergunakannya dapat mendatangkan sesuatu kerugian dihukum karena pemalsuan surat, dengan hukuman penjara selama-lamanya enam tahun.”
            Malsuke lan nggunakake ijazah palsu yaiku pelanggaran kang abot, mula saka peraturan lan hukuman kang tegas bisa ndadekake para pemalsu ijazah bakal kapok. Ora bakal mbeleni maneh apa sing wis dilakokake. Amarga yen ora ana hukuman kang abot, bakal ana meneh pemalsu ijazah kang kasebar ing dhaerah-dhaerah ing Indonesia. Pamarintah uga kudu njlentrehake sapa wae kang gayut karo kasus kasebat kanthi gamblang, supaya bisa diatasi bareng-bareng. Amarga pemerintah ijek akeh sing nutup-nutupi sapa wae kang gayut ing kasus kuwi. Proses hukum kudu ditegakake karo sapa wae termasuk marang anggota DPR RI sing tarbukti nggunakake gelar akademis palsu saka ijazah palsu. Pemerintah uga kudu nonaktifke jabatan aparat negara kang tarbukti ngadakake utawa nganggo ijazah palsu kasebut. Anggota polri uga bisa ngadhakake penyelidikan lan ngajoke tuntutan hukuman kang sakabot-abote kang trep karo aturan kang ana. Kabeh anggota masyarakat kudu wani lapor sapa wae kang dingerteni nggunakake ijazah palsu.
            Pemerintah bisa uga ngidhunke biaya pendhidhikan supaya masyarakat miskin bisa ngenyam pendhidhikan dhuwur, lan ora tartarik maneh karo ijazah palsu. Amarga akeh sekolah kang mbayare larang supaya bisa masuk sekolah kasebut. Akeh sekolah-sekolah kang jipuk untung saka biaya kang larang dibandhingake karo mutu pendidikan kang dientuki. Amarga akeh pamikiran kang nyimpulake yen dhuwure biaya kuliah kuwi uga ndadekake mutu pendidikan kang dhuwur uga. Sejatine kuwi mau ora nyata.
            Ing lingkungan kaluwarga, wong tua uga bisa ngei ngerti karo anak-anake supaya bab-bab elek kayata malsuke ijazah kuwi ora apik lan ora kena ditiru. Wong tua kudu ngajari anak supaya nduweni akhlak kang apik. Amarga sejatine wong-wong kang nglakokake perbuwatan elek kuwi yaiku wong sing ora nduweni akhlak kang apik. Mula, saben individu kuwi kudune nduweni akhlak kang mulia ing sajrone njalani urip. Akhlak kuwi kudu dadi pedhoman urip padinan, ning ngendi wae, kapan wae, lan ana ing kahanan apa wae. Akhlak kang mulia kuwi bisa dadi salah sijine solusi macem-macem kanggo masalah kang ana.
            Kasus ijazah palsu kasebat kudu ndang dibrantas cepet-cepet. Pemerintah utamane kang nduwe pengaruh penting lan masyarakat luas uga kudu nduweni usaha kanggo brantas bareng-bareng kasus ijazah palsu kasebut. Pemerintah lan masyarakat kudu bareng-bareng nuntasake kasus ijazah palsu iki uga mbenakake sistem pendidikan kang rusak. Mula masyarakat kang lulus kuliah bisa kanthi bungah entuk ijazah asli saka kerja kerase dhewe lan bisa ngkei pengaruh kang nyata kanggo pembangunan ing Indonesia.








Wacan

Danim, Sudarman. 2013. Media Komunikasi Pendidikan: Pelayanan Profesional Pembelajaran dan Mutu Hasil Belajar.Jakarta: PT. Bumi Aksara.
Suhartono, Suparlan. 2008. Wawasan Pendidikan: Sebuah Pengantar Pendidikan. Jogjakarta:    Ar-Ruzz Media.
Yamin, Moh. 2012. Sekolah yang Membebaskan: Perspektif Teori dan Praktik Membangun Pendidikan yang Berkarakter dan Humanis. Malang: Madani(kelompok Penerbit Intrans).
Kusumasari, Diana. 2011. Ancaman Hukuman Untuk Pengguna Ijazah Palsu. http://m.hukumonline.com/klinik/detail/ancaman-hukuman-untuk-pengguna-ijazah-palsu. Diakses pada tanggal 1 Juli 2015 pukul 12.00.
Putra, Putu Merta Surya. 2015. Diduga Berijazah Palsu, Anggota Komisi III Dilaporkan ke MKD DPR. http://m.liputan6.com/news/read/2246032/diduga-berijazah-palsu-anggota-komisi-iii-dilaporkan-ke-mkd-dpr. Diakses pada tanggal 1 Juli 2015 pukul 12.15.

Kamis, 15 Oktober 2015

Budaya Jawa "Tradhisi Merti Desa"



Tradhisi Merti Desa

Tradhisi merti desa yaiku tradhisi wujud syukur warga Desa Terban, Kecamatan Pabelan, Kabupaten Semarang ingkang dipunwontenaken dening para warga ingkang sampun diparingi kasil panen ingkang kathah lan sampun diparingi rejeki ingkang gampil dening Gusti Allah.
Tradhisi merti desa menika tradhisi ingkang sampun diwontenaken turun temurun uga dipunwontenaken satunggal tahun sepisan saksampunipun panen kaping kalih ing satahun.
Acara-acaranipun yaiku ing wekdal enjing wonten pembersihan desa, makam, lan area masjid. Ndalunipun wonten pagelaran wayang kulit kaliyan pementasan beksan rodat.
Beksan rodat menika inggih beksan ingkang dipunpentasaken dening 5 ngantos 15 pambeksa. Biasanipun dipunbeksa dening warga asli Terban. Beksa rodat menika beksa ingkang sampun berkembang dangu.
Properti ingkang dipunbekta dening pambeksa rodat inggih menika topi, kacamata, rompi, katok dowo, kaos kaki, sampur lan kipas. Ingkang ngiring beksan rodat menika wonten rebana, kendang, uga bedhuk. Uga wonten setunggal penyanyi ingkang ngiringi. Lagunipun kados sholawatan.
Beksan rodat saksanesipun dipunpentasaken ing acara merti desa uga dipunpentasaken ing acara HUT Kemerdekaan RI uga acara ngantenan.