Ijazah Palsu Ngrusak Mutu Pendhidhikan Indonesia
Warta
kang lagi dibiwarakake ing sawatara iki yaiku warta kang mratelakake babagan
ijazah palsu sing sipate ilegal. Ijazah palsu iki bisa ditemokake ing perguruan
tinggi-perguruan tinggi Indonesia sing digawe dening oknum kampus. Nanging bisa
uga digawe dening oknum kang ora ana hubungane karo kampus. Tanpa melu proses
perkuliyahan, ijazah palsu iki bisa dientoki dening wong-wong kang nduwe dhuit
akeh. Ijazah palsu iki didol tinuku kanthi gampang. Mula cepet nyebar ing
dhaerah-dhaerah kang ana ing Indonesia. Ora mung perguruan tinggi swasta sing nggawe
ijazah palsu kasebut, nanging uga perguruan tinggi negeri sing wis kondhang ing
Indonesia.
Para oknum ilegal nggawe ijazah palsu kasebut
kanthi gampang. Namung modhal printer,
komputer, lan scanner, ijazah palsu wis bisa digunakake kanggo nglamar pagaweyan.
Ijazah palsu digawe saka ijazah asli kang discan,
banjur diedit kanthi ngubah
jeneng wong kang bakal tuku ijazah kasebut, ngomonge AS salah sijining oknum
kang ketangkep anggone gawe ijazah palsu (wartakota.tribunnews.com 4 Juni
2015).
Saliyane oknum kang ora ana
hubungane karo kampus, ana uga oknum kang nduweni jabatan ing kampus. Kanggo
nduweni ijazah jenjang Strata 1 (S1) saka perguruan tinggi kasebut, wong kang
tuku namung kanthi nglaksanakaken perkuliyahan 6 SKS (Satuan Kredit Semester)
wis bisa nduweni. Padhahal kanggo ngintuki ijazah sarjana S1 kuwi kudu
nglaksanakake perkuliayahan 144-166 SKS, lan kuwi bisa ditempuh kanthi wanci 4
tahun utawa wolung semester (Danim 2013:64). Ora perlu nglaksanakake kuliyah 4
tahun wis bisa entuk ijazah. Uga ora prelu ngadepi dhosen wanci ujian skripsi
kang jarene medeni. Namung nyerahake data lan foto, ing waktu cepet ijazah
kasebut wis bisa ditampa.
Bab kang ndadekake ijazah palsu bisa
laris, amarga regane sing murah. Luwih murah saka biaya kuliyah sing kudu dibayar
ing sajrone kuliyah 4 tahun. Sak ijazah jenjang S1 direga namung Rp.7.500.000.
Masyarakat kang ora nduwe biaya kanggo kuliyah bakal kepingin nduweni ijazah
kasebut. Masyarakat namung ngumpulke dhuit lan njipuk ijazah kasebut tanpa kudu
sekolah.
Contoh pawarta kang mbahas babagan
ijazah palsu yaiku kang kaserat ing liputan6.com, 05 Juni 2015 “Baru-baru ini,
Lembaga Swadaya Masyarakat Forum Kalimantan Membangun melaporkan Iwan Kurniawan
yang merupakan Anggota Komisi III DPR ke Mahkamah Kehormatan Dewan terkait
dugaan ijazah palsu. Politikus Golkar yang baru-baru ini mengadakan sidang
terbuka terkait gelar doktoralnya di Universitas Indonesia, Fayakhun Andriadi,
angkat bicara. Dia menilai, jika memang terbukti menggunakan ijazah palsu, ini
bisa merusak moral bangsa. Menurut dia, bila ada pejabat yang melakukan
pemalsuan ijazah tersebut, itu sebagai cerminan minimnya penghargaan proses
positif dalam menghasilkan produk yang terbaik (liputan6.com 05 Juni 2015).”
Ing warta kasebat uga ngandharake
yen Irwan Kurniawan nggunakake ijazah kasebut kanggo nyalon dadi anggota DPR.
Babagan kasebat ndadekake rusak mentale anak bangsa. Pejabat tinggi negara sing
gawe panutan wae nglakokake bab sing nyoreng donya pendhidhikan, banjur sapa
sing bisa dadi panutan anak-anak bangsa mengko.
Ijazah palsu iki kedadean amarga
saya majune teknologi-teknologi kang ana ing Indonesia. Tekonologi-teknologi
iki bisa ndadekake efek positif utawa
negatif. Nanging sejatose akeh efek negatif kang diciptakake karo
teknologi-teknologi kasebut. Yen ora ana komputer,
printer, lan utamane scanner, ijazah palsu kasebat ora bakal
kagawe.
Sabab liya muncule ijazah palsu
yaiku pejabat kang kepingin munggah jabatan luwih dhuwur. Pejabat kasebut kepingin
nduwe ijazah saka perguruan tinggi tanpa kudu lewat jenjang perkuliyahan
ingkang mbutuhake waktu sing suwe. Uga masyarakat kang terlalu ngoyak ijazah
tanpa mikirke prosese. Masyarakat uga ngoyak ijazah palsu kanggo nglamar
gaweyan. Gaweyan jaman saiki mbutuhake banget ijazah S1. Mbuh kuwi swasta utawa
PNS syarat utamane yaiku lulus minimal S1. Amarga babagan kuwi, akeh wong
kanthi cara gampang nglakokake kecurangan kanggo ngentuke pagaweyan kanthi
cepet.
Anane keadean ijazah palsu iki
ndadekake kahanan pendhidhikan ing Indonesia saya suwe saya tambah rusak.
Suhartono (2008:61) babarake yen umume pendhidhikan ing Indonesia kuwi lagi
ngalami krisis. Nalika donya pendhidhikan ngalami kemajuwan ingkang gedhe ing
aspek teknologi dan perindustrian, bab kuwi malah ndadekake pendhidhikan saya
rusak. Kapan bangsa iki bakal maju yen masalah-masalah mutu pendhidhikan
sangsaya suwe saya rusak. Bangsa iki bisa maju yen masyarakate wis bisa
ngregani proses uga kerja keras. Kanthi proses lan kerja keras kang bener, uga
bakal ndadekake kasil kang becik uga.
Pendhidhikan kaya digawe dolanan lan
dadi bab sing ora penting. Akeh wong bakal mikir yen arep entuk ijazah S1 kuwi
bisa tuku. Ora prelu angel-angel kuliyah lan ngetokake dhuit akeh. Yen
kabeh-kabeh bisa dituku dadi ora prelu sekolah meneh.
Pendhidhikan kuwi bab sing penting
banget kanggo kita kabeh. Ngetukake ijazah cara kang resmi kuwi bisa dilakokake
kanthi cara kang apik. Nanging sing paling penting yaiku kemampuwan kang
dientuki. Tanpa kemampuwan, ijazah kuwi mung kertas ora kanggo. Kaya kang
diandharake dening Yamin (2012:63) sajrone Samba, “lebih baik tidak bersekolah
bila tujuan bersekolah hanya semata mengejar sertifikat. Dia selanjutnya
mengatakan bahwa apa artinya membangun gedung sekolah yang megah dengan pagar
yang kokoh kalau hanya membuat penghuninya “bak
katak dalam tempurung”, gagap menghadapi realitas dunia yang telah
terlanjur mengglobal dan serba digital. Belajar ingin cerdas tidak boleh
bergantung dengan apa pun dan siapa pun kecuali pada kemauan yang kuat untuk
belajar itu sendiri.”
Masyarakat kudu dikei ngreti yen
sekolah kuwi ora mung golek ijazah, nanging kepriye nggunakake ilmu sing
dientuk kanggo ngadhepi urip sesuke uga lingkungan masyarakat. Lan kepriye ilmu
kasebut guna kanggo bangsa lan negara. Pagaweyan kuwi bisa digoleki alon-alon
tanpa kudu malsuke ijazah. Yen dhewe nduweni niat kang gedhe lan kerja keras pagaweyan bakal mara ing awake
dhewe.
Panemu ijazah palsu kasebat kudu
ditumpes kanthi tuntas. Kepriye kahanane pendhdhikan Indonesia yen bab kang
bisa ngisin-isinke negara kuwi bakal kasebar luas. Pemerintah kudu numpes
perkara kasebut, amarga pendhidhikan kuwi yaiku pondhasi kanggo mbentuk bangsa
lan masyarakat kang beradab. Tanpa pendhidhikan negara kuwi bakal ilang lan ora
ana gunane.
Pamarintah uga bisa ngei hukuman
kang teges lan cetha kanggo wong-wong kang malsukake ijazah kasebat. Kayata unine
pasal 263 KUHP kang diserat ana ing laman hukumonline.com (17 Feebruari 2015)
yaiku “Barang siapa membuat surat palsu atau memalsukan surat, yang dapat
menerbitkan suatu hak, sesuatu perjanjian (kewajiban) atau sesuatu pembebasan
utang, atau yang boleh dipergunakan sebagai keterangan bagi sesuatu perbuatan,
dengan maksud akan menggunakan atau menyuruh orang lain menggunakan surat-surat
itu seolah-olah surat itu asli dan tidak dipalsukan, maka kalau mempergunakannya
dapat mendatangkan sesuatu kerugian dihukum karena pemalsuan surat, dengan
hukuman penjara selama-lamanya enam tahun.”
Malsuke lan nggunakake ijazah palsu
yaiku pelanggaran kang abot, mula saka peraturan lan hukuman kang tegas bisa
ndadekake para pemalsu ijazah bakal kapok. Ora bakal mbeleni maneh apa sing wis
dilakokake. Amarga yen ora ana hukuman kang abot, bakal ana meneh pemalsu
ijazah kang kasebar ing dhaerah-dhaerah ing Indonesia. Pamarintah uga kudu njlentrehake
sapa wae kang gayut karo kasus kasebat kanthi gamblang, supaya bisa diatasi
bareng-bareng. Amarga pemerintah ijek akeh sing nutup-nutupi sapa wae kang
gayut ing kasus kuwi. Proses hukum kudu ditegakake karo sapa wae termasuk
marang anggota DPR RI sing tarbukti nggunakake gelar akademis palsu saka ijazah
palsu. Pemerintah uga kudu nonaktifke jabatan aparat negara kang tarbukti
ngadakake utawa nganggo ijazah palsu kasebut. Anggota polri uga bisa ngadhakake
penyelidikan lan ngajoke tuntutan hukuman kang sakabot-abote kang trep karo aturan
kang ana. Kabeh anggota masyarakat kudu wani lapor sapa wae kang dingerteni
nggunakake ijazah palsu.
Pemerintah bisa uga ngidhunke biaya
pendhidhikan supaya masyarakat miskin bisa ngenyam pendhidhikan dhuwur, lan ora
tartarik maneh karo ijazah palsu. Amarga akeh sekolah kang mbayare larang supaya
bisa masuk sekolah kasebut. Akeh sekolah-sekolah kang jipuk untung saka biaya
kang larang dibandhingake karo mutu pendidikan kang dientuki. Amarga akeh
pamikiran kang nyimpulake yen dhuwure biaya kuliah kuwi uga ndadekake mutu
pendidikan kang dhuwur uga. Sejatine kuwi mau ora nyata.
Ing lingkungan kaluwarga, wong tua
uga bisa ngei ngerti karo anak-anake supaya bab-bab elek kayata malsuke ijazah
kuwi ora apik lan ora kena ditiru. Wong tua kudu ngajari anak supaya nduweni
akhlak kang apik. Amarga sejatine wong-wong kang nglakokake perbuwatan elek
kuwi yaiku wong sing ora nduweni akhlak kang apik. Mula, saben individu kuwi kudune
nduweni akhlak kang mulia ing sajrone njalani urip. Akhlak kuwi kudu dadi
pedhoman urip padinan, ning ngendi wae, kapan wae, lan ana ing kahanan apa wae.
Akhlak kang mulia kuwi bisa dadi salah sijine solusi macem-macem kanggo masalah
kang ana.
Kasus ijazah palsu kasebat kudu
ndang dibrantas cepet-cepet. Pemerintah utamane kang nduwe pengaruh penting lan
masyarakat luas uga kudu nduweni usaha kanggo brantas bareng-bareng kasus
ijazah palsu kasebut. Pemerintah lan masyarakat kudu bareng-bareng nuntasake
kasus ijazah palsu iki uga mbenakake sistem pendidikan kang rusak. Mula
masyarakat kang lulus kuliah bisa kanthi bungah entuk ijazah asli saka kerja
kerase dhewe lan bisa ngkei pengaruh kang nyata kanggo pembangunan ing
Indonesia.
Wacan
Danim, Sudarman. 2013. Media
Komunikasi Pendidikan: Pelayanan Profesional Pembelajaran dan Mutu Hasil
Belajar.Jakarta: PT. Bumi Aksara.
Suhartono, Suparlan. 2008. Wawasan Pendidikan: Sebuah Pengantar Pendidikan. Jogjakarta: Ar-Ruzz Media.
Yamin, Moh. 2012. Sekolah
yang Membebaskan: Perspektif Teori dan Praktik Membangun Pendidikan yang Berkarakter
dan Humanis. Malang: Madani(kelompok Penerbit Intrans).
Kusumasari,
Diana. 2011. Ancaman Hukuman Untuk
Pengguna Ijazah Palsu. http://m.hukumonline.com/klinik/detail/ancaman-hukuman-untuk-pengguna-ijazah-palsu.
Diakses pada tanggal 1 Juli 2015 pukul 12.00.
Putra,
Putu Merta Surya. 2015. Diduga Berijazah
Palsu, Anggota Komisi III Dilaporkan ke MKD DPR. http://m.liputan6.com/news/read/2246032/diduga-berijazah-palsu-anggota-komisi-iii-dilaporkan-ke-mkd-dpr.
Diakses pada tanggal 1 Juli 2015 pukul 12.15.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar