RINGKASAN
BUKU LAGENDRIYA PEJAHIPUN MENAK JINGGA
Oleh Soemarsana
RADEN
DAMARWULAN PININTA SRAYA SANG PRABU KENYA, KADHAWUHAN ANYIRNAKAKEN MENAK JINGGA
Raja
Putri Majapahit nembe redatos penggalihipun, amargi nembe angsal malapetaka.
Ingkang sapisan amargi Sang Paman Ranggalawe, Adipati wonten ing Tuban, seda
nalika nglampahi jejibahanipun supados mejahi Maharaja Urubesma saking
Blambangan. Makaten ugi Sang Paman Sindura, Adipati wonten ing Kediri. Nanging
wonten panci punika Raja Putri sampun maringi utus dhateng Ki Patih Lugender,
kagem ngupadi bantuan perang, priyantun ingkang asma Raden Damarwulan. Uga
amargi pawartos babagan pambiyantu punika mboten enggal rawuh, mila
penggalihipun Sri Ratu minggah sedhih.
Wonten
satunggaling dinten Sri Ratu badhe ngawontenaken parsidangan. Ingkang rawuh,
lenggah wonten ing madya Ki Patih Lugender; sisih kiwanipun yaiku Raden Arya
Menak Koncar saking Lumajang, ingkang saget ngrebat kalih priyantun putra
Adipati Ranggalawe saking asta mengsah wonten ing penjara. Kekalih putra punika
Raden Buntaran ugi Raden Watangan samenika ugi nderek rawuh. Salajengipun rawuh
Tumenggung Arya Sesimping, Raden Layang Seta, Raden Layang Kumitir, Tumenggung
Arya Tiron, Tumenggung Menak Gianti, Tumenggung Rangga Minang Sraya ugi wadya
bala Majapahit.
Sri Ratu nyuwun pirsa babagan kasugengan
priyantun ingkang rawuh. Salajengipun Sri Ratu nyuwun pirsa dhateng Ki Patih
Lugender, babagan kasil saking ngupadi Damarwulan. Patih Lugender mangsuli
menawi upadosipun kedadosan ugi samenika Damarwulan nenggo wonten njawi
persidangan. Sri Ratu ngutus supados Damarwulan enggal dipuntimbali.
Salajenge Damarwulan rawuh, Sri Ratu
enggal ninggalaken persidangan, mlebet wonten istana kagem ndamel serat utus.
Saksampunipun bibar serat utus dipunwenehaken dhateng Patih Lugender supados
dipunlajengaken dhateng Raden Damarwulan.
RADEN
DAMARWULAN PAMIT DHATENG ANJASMARA
Raden
Dmarwulan kondur pamit kaliyan
garwanipun, amargi pikantuk jejibahan saking Sri Ratu kagem perang nglawan Maharaja Menak Jingga. Raden Damarwulan
tindhak dhateng Prabalingga namung dipunndereki kaliyan kalih punakawan
kemawon.
RADEN
LAYANG SETA TUWIN RADEN LAYANG KUMITIR KADHAWUHAN ANJAMPANGI LAMAHIPUN RADEN
DAMAR WULAN
Sri Ratu nembe lenggah wonten ing
sajrone istana ugi majenipun inggih menika Dewi Rarasati tuwin Dewi Banuwati.
Piyambakipun sedaya nembe ngendikakaken babagan kedadosan mbotenipun Raden
Damarwulan sajroning nglaksanakaken jejibahanipun dhateng Prabalingga.
Garwa Damarwulan ingkang asmanipun
Dewi Anjasamara rawuh dhateng Sri Ratu banjur ngaras sukunipun Sri Ratu. Dewi
Anjasmara nyuwun kaliyan Sri Ratu supados dipunpejahi kemawon amargi mboten
kuwawi ngraosaken kacingkrangan. Amargi garwanipun nembe tindhak dhateng
Prabalingga nglaksanakaken jejibahan anyirnakaken Maharaja Menak Jingga ingkang
sampun kondhang saktinipun.
Sri Ratu mangsuli, amargi Damarwulan
kedadosan anyirnakake Menak Jingga, Damarwulan badhe dipundadosaken raja wonten
ing Majapahit. Salajengipun Sri Ratu maringi utus dhateng patih Lugender
supados maringi bantuan dhateng Damarwulan ingkang kathahipun sapratigan saking
wadya Majapahit.
Ki Patih Lugender salajengipun
maringi utus dhateng kalih
putranipun, yaiku Raden Layang Seta kaliyan Raden Layang Kumitir, supados mangarsani
wadya bantuan punika.
BALANIPUN
MENAK JINGGA PACAK BARIS WONTEN ING KADHIRI, LAJENG PRANG KALIYAN WADYA ING
MAJAPAHIT
Maharaja Dewasraya saking Sumenep
ugi Maharaja Dawantaka saking Bandung mangarsani barisan ingkang panggenanipun
wonten Kediri ugi dipundampingi Patih Demang Darpanila saking Sumenep ugi Patih
Demang Macan saking Bandung. Piyambakipun sedaya nengga utus saking Menak
Jingga supados nyerang Majapahit.
Patih Demang Darpanila sakanca ngendikakaken
sebab menapa utus penyerbuan Majapahit kasebat dereng ugi dugi, dados wadya
Pecambeng asmane Sandung Gunung rawuh tanpa didhawuhi. Sandung Gunung
nglaporaken manawi prajurit saking Majapahit dhateng ngriku. Ingkang dados
pimpinanipun yaiku Raden Layang Seta ugi Raden Layang Kumitir.
Mboten dangu pertempuran barisan Sumenep kaliyan Bandung ingkang
barisan saking Majapahit. Perangipun dipunmimpangaken dening barisan saking
Majapahit.
RADEN
DAMARWULAN BADHE MALEBET ING PASANGGRAHANIPUN PRABU URU BESMA
Saksampune
mimpang perang dados Raden Layang Seta ugi Raden Layang Kumitir peparing barisanipun wonten ing pinggir wana kaliyan
ngenang marginipun Raden Damarwulan.
Gantos dhateng Raden Damarwulan
ingkang kendel wonten Caturdenda. Abdhi panderek kalih priyantun, pun
Sabdapalon ugi Nayagenggong kapisah saking majikanipun. Sabdapalon ugi
Nayagenggong nembe ngupadi dhahar.
Saksampune ngempal malih, Raden
Damarwulan nyuwun pirsa dhateng para panakawan kados pundi upakara kepanggih
ugi perang kaliyan Urubesma. Kakalih panakawan maringi saran, supados Raden
Damarwulan tindak dhateng keputrian kemawon. Saksampune dipunpenggalih Raden
Damarwulan nampi upakara kasebat.
Mila Raden Damarwulan ugi kalih
pengiringipun nglajengaken wonten margi dhateng
pager sela Prabalingga, ugi saksampune langkung pager sela lajeng dhateng taman
Sari.
PRABU
URU BESMA TANSAH GANDRUNG ASMARA, SINIWI PARA RAJA
Prabu
Menak Jingga wonten pasanggrahanipun Prabalingga nembe ngawontenaken
persidangan kaliyan para raja. Ingkang
rawuh adinda raja Wong Agung saking Madura, kakanda Wong Agung Balega ugi Wong
Agung saking Bali. Prajurit-prajurit jangkep jagi siaga teng panggenanipun.
Ingkang dipunngendikakaken inggih menika menapa Prabu Kenya saking Majapahit
sampun dangu mboten mboten ugi ngabrit. Amargi punika Prabu Menak Jingga kersa
nyerang Majapahit.
Dereng kadadosan ngendikanipun para
nalendra, Ki Patih Gajah Dungkul rawuh dumadakan ing sajroning pasidangan
menika. Ki Patih Gajah Dungkul ngendika manawi Raden Buntaran ugi Raden
Watangan dipunrebat saking pakunjaran dening Menak Koncar. Menak Jingga duka
nampi warta kasebat.
Dereng mandheg murkanipun Menak
Jingga, Patih Macan Gleyang dumadakan ugi rawuh wonten ngajengipun Menak
Jingga. Sang Prabu kaget temenan. Macan Gleyang ngendika manawi barisan ageng
saking Majapahit dugi ingkang dipunpimpin dening Raden Layang Seta ugi Raden
Layang Kumitir. Kedadean paperangan ugi akhiripun Macan Gleyang kasoran.
Amargi
punika mila Prabu Menak Jingga enggal mandhap saking Singgasana ugi mlebet
pasanggrahan gantos ageman kaprajuritan.
RADEN
DAMARWULAN KEPANGGIH KALIYAN PARA GARWANIPUN PRABU URU BESMA
Wonten
keputrian, tiga garwa Prabu Menak Jingga yaiku Dewi Juwitawati, Dewi
Juwitaningsih ugi Dewi Juwitaningrum, nembe ngendikakaken tujuwanipun Prabu
Menak Jingga ingkang kersa anyirnakaken Majapahit. Kersa menika sasaenipun dipunsandekaken
kemawon, sabab amargi dipunlajengaken, Blambangan badhe risak piyambak.
Dereng rampung pagineman
piyambakipun sedaya, Damarwulan rawuh. Nanging mboten saged ketingal amargi
migunakaken kasaktiyan penglimunan (kasaktiyan ingkang saged ical saking
paningalipun sinten kemawon).
Mila ketiga putri punika kejot amargi
rawuhipun Damarwulan mboten katingal. Ketiga putri punika ngaras ambet arum lan
dipunkinten saking jin, peri utawi dewa.
Nanging saksampune ngaras ambet
arum, lajeng ngaras ambet mboten nyamleng. Ambet kasebat asalipun saking
agemanipun kalih panakawan, pangiring Raden Damarwulan. Damarwulan damel-damel yen
panjenenganipun dewa ingkang asma Hyang Norasembada.
Saksampune katingal ugi lan ngendika
menawi panjenenganipun Damarwulan. Nanging ketiga putri punika tresna kaliyan Damarwulan,
mekaten ugi Damarwulan. Lajeng para putri kersa maringi bantuan Raden
Damarwulan manawi perang kaliyan Prabu Urubesma.
PRABU
URU BESMA PEJAH DENING PRABU DAMARWULAN
Nalika
Prabu Urubesma kondur dhateng pasanggrahan, Prabu Urubesma kejot amargi mboten
wonten sapriyantuna ingkang njemput Prabu Urubesma. Kawontenan ing sajrone
pasanggrahan ncurigakaken sanget, lajeng Prabu Urubesma nimbali Dayun, abdi
asih, ugi ngutus supados ngaturi para permaysuri.
Dayun mlebet ing sajrone
pasanggrahan ugi mboten dangu lajeng medal kaliyan marak dhateng Prabu
Urubesma. Dayun nglaporaken manawi wonten lebet pasanggrahan wonten pandung. Prabu
Urubesma murka sanget, ugi kersa nampi pandung kasebat.
Nembe badhe mlebet wonten
pasanggrahan, lajeng Prabu Urubesma dipunsambut dening Raden Damarwulan. Taken
wangsul ugi perang kedadosan dipunantawis kekalihipun.
Paperangan rame sanget, nanging akhiripun Raden Damarwulan pejah dipungada kaliyan
Besi Kuning dening Prabu Urubesma. Amargi Prabu Urubesma sayah ugi ngantuk,
lajeng Prabu Urubesma mlebet wonten pasanggrahan lajeng sare, layonipun Raden
Damarwulan dipuntilar mekaten kemawon.
Garwanipun Prabu Urubesma, putri
saking Ngleri asmane Sang Dyang Suselawati, kaliyan putri saking Japan asmane
Sesmitaningrum. Nalika Sang Dyang Suselawati ugi Sesmitaningrum mriksani Raden
Damarwulan seda, kekalihipun nyedaki mayat
Raden Damarwulan kaliyan nangis, ugi
nyuwun kaliyan Dewata supados maringi Raden Damarwulan sugeng malih. Manawi
panyuwunipun mboten dipunkabulaken, kekalihipun
kersa nyawanipun dipunpundut.
Panyuwunipun kekalih putri kasebat
dipunkabulaken, ugi Raden Damarwulan sugeng malih. Raden Damarwulan kaget
ningali kawontenan saupenganipun. Lajeng Raden Damarwulan tanglet kaliyan para
putri kasebat. Para putri nyebataken asmanipun, lajeng ngendikakaken kedaden
ingkang sampun kalampahan. Para putri badhe maringi bantuan kaliyan Raden
Damarwulan kagem mendet gada pusaka Besi Kuning, manawi kadadosan kekalih putri
badhe dipundandosaken garwanipun Raden Damarwulan.
Pusaka Besi Kuning saget dipunpendet
saking Prabu Urubesma. Saksampunipun pusaka kasebat dipunparingaken Raden
Damarwulan. Raden Damarwulan kaliyan Prabu Urubesma perang malih. Nanging ing
perang punika Prabu Urubesma pejah. Mustakanipun Prabu Urubesma dipunpenggal dening Raden Damarwulan lajeng dipunsembahaken
dhateng Prabu Kenya wonten Majapahit. Juwitawati, Juwitaningsih dan
Juwitaningrum diparingi utus supados njagi gada pusaka Besi Kuning ugi ngrimat
mayatipun Prabu Urubesma.
PRABU
DAMARWULAN WANGSUL DHATENG MAJAPAHIT AMBEKTA MUSTAKANIPUN PRABU URU BESMA,
WONTEN ING MARGI KABEGAL RADEN LAYANG SETA TUWIN RADEN LAYANG KUMITIR
Dipuncariyosaken manawi Raden
Damarwulan, kaliyan kakalih tiyang putri tawanan, mbekta sirahipun Prabu
Urubesma, langkung tebih saking Prabalingga ugi mlebet wonten ing wana.
Raden Layang Seta tuwin Raden Layang
Kumitir kaliyan barisanipun ingkang wonten ing tengah wana, mersani
rombonganipun Damarwulan, lajeng nyedaki.
Saksampunipun tangklet kabaripun
sowang-sowang, mila Raden Layang Seta nyuwun warta babagan jejibahan Raden
Damarwulan. Raden Damarwulan mangsuli dadosipun ugi dados bukti Damarwulan mbekta
kalih priyantun tawanan putri ugi mustakanipun Prabu Urubesma.
Kaliyan nulayani muslihat ingkang
licik kekalih Raden ngendika menawi bukti kasebat dereng jangkep, sasaenipun mbekta
bandha ugi jarahan lintunipun. Lajeng
sirahipun Urubesma ugi kalih priyantun putri tawanan kersane dipunbekta dhateng
Majapahit.
Tanpa raos kuwatos Raden Damarwulan setuju
saran punika ugi maringaken kalih priyantun putri tuwin mustaka Prabu Urubesma
dhateng kalih rayi iparipun ingkang lajeng diserahaken dhateng prajurit lajeng
dibekta dhateng Majapahit. Nanging saksampune kekalih iparipun punika nampi bandha kasebat, mila Raden Damarwulan tuwin
kekalih pandherekipun dipun pejahi, lajeng dipun tilar.
Raden Damarwulan sejatosipun namung
semaput kemawon, semanten ugi kalih pandherekipun, lajeng gesang malih. Raden
Damarwulan tuwin kekalih pandherekipun ngendika lajeng ngutusaken kagem kondur
dhateng Prabalingga.
RADEN
DAMARWULAN MANGSULI PUSAKA GADA WESI KUNING. PRA RATU SAMI TELUK, LAJENG DIPUN
JAK SOWAN DHATENG MAJAPAHIT
Wonten Keputrian Prabalingga Sang
Dyah Juwitawati, Sang Dyah Juwitaningsih ugi Sang Dyah Juwitaningrum
meggalihaken pangangkah Raden Damarwulan. Kenging menapa piyambakipun sedaya
dipunutus njagi gada pusaka Besi Kuning ugi madosaken pejahipun Prabu Urubesma.
Raden Damarwulan janji badhe kondur.
Dereng rampung pagineman
piyambakipun sedaya, keresahi kerawuhan Raden Damarwulan ugi kekalih
pandherekipun. Raden Damarwulan maringi ngertos menawi panjenenganipun wonten
tengah margi dibegal kalih tiyang Majapahit lajeng dipunrampas mustakanipun
Urubesma ugi kalih priyantun putri tawanan. Saksampune panjenenganipun gadhah
kersa badhe mbekta gada Besi Kuning ugi sedaya boyongan dados bukti
kamimpangan. Saran katiga putri punika supados Raden Damarwulan dados raja wonten
Prabalingga. Damarwulan nginggihi saran menika ugi ngutusaken kersanipun pra
putri ngagem ageman keprajuritan. Amargi menika para putri mlebet pasanggrahan
kagem gantos ageman.
Wonten Prabalingga, para raja, para
dipati kaliyan para prajurit sampun siap siyaga wonten pasembahan. Rawuh wonten
pangajengipun nggih menika Maharaja Dewagung Walikrama, Raden Panata Singron,
Raden Wijanarka, Raden Sarijana lan para wadya Blambangan. Piyambakipun sedaya
rumaos gumun menapa Prabu Urubesma sampun dangu mboten ngawontenaken
persidangan. Salajengipun Ki Lurah Dayun rawuh mbekta serat kaping tiga
prameswari dhateng Maharaja Baudenda, Maharaja Carang Waspa, lan Maharaja Bali.
Surasanipun serat menika ngandaraken manawi Prabu Urubesma sampun pejah wonten
perang ingkang mengsahipun Duta Nata Majapahit ingkang asma Raden Damarwulan.
Saksampunipun maos serat menika
panggalihipun ketiga Maharaja menika merneni. Wonten ingkang kersa nglawan lan
wonten ugi ingkang badhe nyerah.
Panggalihipun kasebat keganggu
kalih rawuhipun Raden Damarwulan ingkang dipuniringi upacara sami kaliyan
wekdal Prabu Urubesma rumiyin.
Ketiganipun raja kasebat bringsut
lenggahipun, lan saksampunipun mirsani kawibawan Raden Damarwulan, katiga raja
kasebat lenggah tunduk kanthi hormatipun, dipundhereki kaliyan para prajurit.
Amargi sedaya sampun nyerah, mila
Raden Damarwulan maringi utus supados siap siyaga badhe sowan wonten Majapahit.
PATIH
ANGKATBUTA ONGKOTBUTO BOTEN PURUN TELUK, LAJENG TIWAS PRANG KALIYAN PARA RATU
TELUKAN
Wonten
barisanipun Kediri, Patih Angkatbuta lan Pati Ongkotbuta nembe kempal
ngawontenaken pertempuran kaliyan Adipati Pakayangan, ingkang asma Adipati
Premangsul, Raden Arya Jayalelana, Adipati Prabalingga, Raden Udan Prahara,
Raden Barat Katiga lan para prajurit. Ingkang piyambakipun sedaya ngrembag bab
penyeranganipun Majapahit. Ingkang sampun dangu dipuntangguhaken.
Dereng rampung pirembagan piyambakipun
sedaya, rawuh prajurit pamlajengan saking Blambangan ingkang asma Cukil Manik,
ingkang ngendika manawi Prabu Urubesma sampun pejah kaliyan pandung sakti.
Mireng pangandikan menika mboten
kaping-kaping dukanipun piyambakipun sedaya, ngenget kasaenanipun ingkang raja
dhateng piyambakipun ingkang sampun-sampun. Enggal piyambakipun sedaya
njagikaken barisan kagem ngawontenaken prahitungan.
Wonten margi piyambakipun sedaya
kepanggih kaliyan prajurit saking Madura ingkang ndadosaken pertempuran. Saweg
menika ugi rawuh barisan saking Balega lab Bali. Wonten peperangan menika
pranyata Barat Katiga kaliyan udan prahara gugur. Mekaten ugi Patih Angkatbuta
gugur saha ugi Patih Ongkotduta.kaliyan guguripun kekalihipun patih menika para
prajurit mbucal tombak lan mlajeng pados kauripan.
Pasanggrahan Angkatbuta lan
Ongkotbuto dipunlenggahi kaliyan Raden Damarwulan. Piyambakipun enggal-enggal
mrentahaken supados para wadya sedaya kendel lan rena-rena sasampunipun mimpang
perang tamat.