Jumat, 18 Desember 2015

Geguritan "Manuk king Njero Kurungan"


Manuk king Njero Kurungan
dening Istikomah

Tak sawang kiwa tengenku pancen elok
Nanging aku namung bisa nyawang tok
Ora bisa ngrasakake elokke merga awak ora kuwasa

Yen aku bisa mabur dhuwur nganggo suwiwiku
Aku ora bakal ngrasakake sesek ing dhadhaku
Uripku pancen mewah
Kabeh sing tak butuhake wis cemepak

Nanging kabeh kuwi ora ana gunane
Sing tak butuhake dudu urip kang mangkono
Urip bebas ing alam yaiku pangarepku
Lan kumpul karo kulawarga
Tanpa ana sing ngrusohi uripku

Tidak ada komentar:

Posting Komentar