Jumat, 18 Desember 2015

Geguritan "Layang Semu"


Layang Semu
dening Istikomah

Layang semu kang ora bakal pernah kok waca
Bakal tak guwak adoh sawetara

Awakmu kang ora bakal ngreti rasa ing atiku iki
Bakal nrima kanthi leganing ati
Aku lunga merga aku dudu sapa-sapa
Aku jaluk ngapura
Menawa ilange awakku marakke sliramu lara
Nanging ati iki wis ora kuat
Nandang rasa kang ora karumat
Aku lunga lan nyuwun ngapura

Tidak ada komentar:

Posting Komentar