Ora Nduwe Welas
Sore
iki pak Wagiya katon susah. Arep madhang wae katone ora seger. Pak Wagiya
bingung nganggo apa dheweke bakal bayar utang, amarga rentenir utang sing
diutangi wis bola bali anggone nagih utang. Pak Wagiya ora nyana yen utang gawe
nyekolahke anake bakal semono akehe, gek kerjane pak Wagiya wae mung mudin sing
gajine diwehke pisan anggone dadi mudin. Gaji kuwi awujud bengkok kang wus
didol marang wong amarga nalika dhek semana pak Wagiya nyalon lurah nanging
kalah. Banjur mbok Wagiya kandha marang pak Wagiya yen dheweke bakal menyang
Jakarta golek gaweyan supaya utang-utang kang wis kebacut akeh kuwi bisa
kesaur. Pak Wagiya mana manut karepe garwane, nanging ya kuwi kepriye yen wes
tekan kana banjur ora entuk gaweyan babar pisan. Gek yen bu Wagiya tok sing
kerja apa bisa gawe mbayar utang. Bu Wagiya nduwe penggalih yen ning Jakarta kuwi
ana sanak sedulur sing bisa dijaluki tulung, ora ketung kerja resik-resik ning
omahe wong kuwi ora masalah, sing penting dhuit kang kalumpuk mengko bisa gawe
nyaur utang kang wis akeh.
“Pak,
ning Jakarta kan ana kang Ri sing bisa dakjaluki tulung golekake gaweyan,
menowo wae aku ngko tekan kana wis ana gaweyan, ora ketung resik-resik gone
wong.”
“Nanging
bu, aku ora tega yen awakmu menyang Jakarta dhewekan, gek reti dhewe kang ri ki
omahe sepira, anake we akeh, la kowe mengko ning kono arep turu ning ngendi?”
“Wis
pak, masalah turu ki ora usah dipikir, wong ya ning ngarep tv kae lak ya gon
amba, aku isa turu kono sawetara sakdurunge aku entuk gaweyan.”
“Nek
mung gaweyan resik-resik ki dhuite sepira ta bu, apa cukup kanggo bayar
utang? Apa bapak tak melu menyang
Jakarta wae bu, ben dhuite bisa nglumpuk akeh. Bisa kanggo mbayar utang uga
gawe mbayar sekolahe Siti karo Tono. Sesok dak telpone kang Ri menowo ana
gaweyan kang bisa daklakokake bu.”
“La
mudine piye pak, sing arep ngurusi sapa?”
“Kuwi
bisa dakpasrahake karo pake bu, biyen pake lak ya mantan mudin, ngko masalah
bayaran gampang bisa dak kei sitik yen aku mengko wis entuk gaweyan lan wis
oleh dhuit.”
“Yowes
pak yen karepe ngono.”
Esuke
pak Wagiya telpon karo sedhereke sing ana ing Jakarta, Riyanto. Riyanto kuwi
kakangne bu Wagiya pas, dheweke ing Jakarta wis nduweni gaweyan sing tetap,
kerja ana ing pabrik wis pirang-pirang taun, uripe ning kono ya wes sarwo kecukupan, anake telu
lagi sekolah kabeh lan sekolah ana ing sekolah-sekolah kang apik. Nanging ya
kuwi omahe ijek cilik amarga lahan omahe
kang sempit, bisa digedhekake ya mung mendhuwur ora bisa kanthi nyiseh.
Seminggu
sakwise pak Wagiya telpon Riyanto, banjur Riyanto ngabari yen ana kerjaan,
nanging ya mung dadi tukang bangunan ana ing sekolahan cedhak pabrik anggone
Riyanto kerja. Amarga pak Wagiya ning ngomah dheweke ya wes kerep ewang-ewang
ndandani omahe tanggane, pak Wagiya nyagohi. Banjur bu Wagiya ugi oleh kerjaan
momong ning cedhak pak Wagiya kerja. Jarene Riyanto majikane bu Wagiya anggone
kerja penak ugi kerjane ora rekasa.
Sesoke
pak Wagiya karo bu Wagiya mangkat menyang Jakarta. Sakdurunge mangkat pak
Wagiya pesen karo Sri, anak wedoke pak Wagiya supaya bisa ngrumat adhine, Tono.
Sri pancen wis kuliyah semester 5, nanging anggone ngrumati omah durung pinter,
amarga sedina-dina mung dolan karo kancane, ora tau ngewangi ibune ning ngomah,
mbok kuwi resik-resik wae kadhang-kadhang. Tono mono ijek kelas 1 SMA nanging
sipate bedha banget karo mbakyune, saben dinane sakdurunge dheweke mangkat
sekolah, ewang-ewang ibune dhisik, ora ketung mung asah-asah. Bocah lanang
nanging sipate bedha banget karo mbakyune.
Sakdurunge
menyang Jakarta pak Wagiya pesen karo Sri:
“Sri,
anakku, adhimu jaganen ya, mangane gampang wis tak pasrahke karo budhemu, yen
wayah kowe ngeleh nyango gone budhemu, yen adhine isuk-isuk arep mangkat
sekolah jipukna sarapan dhisik, semana uga awakmu, yen arep sarapan ya tinggal
jupuk gone budhe.”
“Inggih
pak, mangkeh Tono mam e kula pendetke, menawi kula saweg kuliyah nggih kersane
mendet kiyambak.”
Bu
Wagiya nambahi anggone pak Wagiya ngandani Sri
“Sri,
ibu bapak ki lunga ya golekake dhuit kanggo kowe lan Tono, anggonmu dolan kuwi
kurangana, prihatina ya Sri, dhuit gawe sangu karo mbayar sekolah mengko dak
kirimi bapak karo ibu, aja boros-boros anggone jajan, jajan seperlune wae nek
kena ya yen sekolah sangu mam saka ngomah, dadi rak dhuite sangu ijek, isa
kanggo liyane.”
“Inggih
bu, dhuite Tono menika kersane kula ingkang bekta supados mboten jajan terus,
mangkih menawi nyuwun sangu nggih kalih kula kemawon.”
Dhasare
Tono kuwi manut ya dhuit sangune digawa mbakyune bisane mung meneng wae, bu
Wagiya ya mung nyetujoni karepe Sri mau. Sejatine Sri kuwi ya mung pengen nduwe
dhuit akeh ben bisa dolan karo kanca-kancane.
Seminggu
sakwise pak Wagiya karo bu Wagiya menyang Jakarta omah kang maune resik, rupane
kaya kandhang pitik, klambine Sri ana ing kursi kana kene ora disingkirake. Nanging
rupa klambine Tono ora ana, amarga Tono klambi kang reget langsung dikumbah,
bedho banget karo sipate mbakyune. Tono meh resik-resik ya ora bisa, amarga
dheweke wae mulih sekolah jam setengah 5 nan amarga dheweke melu
ekstrakurikuler paskibra lan dheweke dipilih dadi anggota utama, dadi saben
dinane dheweke kudu melu latian supaya bisa melu lomba mrono mrene.
Sri
mono saben bali kuliyah ora malah bali nyang ngomah malah dolan karo
kanca-kancane menyang mall lan ngentekke dhuit kang diwenehi bapak ibune.
Sangune adhine uga dienggo jajan, adhine mung disangoni setengah saka kang wus
dikei ibune. Ana ing mall Sri tuku klambi akeh lan larang-larang. Kanca-kancane
uga akeh sing dijajakake supaya dheweke disenengi marang kanca-kancane. Sri
kuwi kuliyah ning universitas swasta, dadi akeh bocah sing bapak ibue
sugih-sugih, dadi yen Sri ora nduwe dhuit dheweke ora PD nalika dolan
breng-bareng.
Yen
dolan Sri karo kanca-kancane ora mung sejam rong jam, nanging nganti tengah
wengi. Nalika ibu bapake Sri ana ing ngomah Sri uga wis biasa ngapusi ning
kampus ana acara kang dheweke kudu nginep. Nanging yen ibu bapake ana ing
Jakarta ngene iki dadi kesempatane Sri ngajak kanca-kancane nginep ana ing
omahe nalika padha bali wengi sakbare padha dolan. Tono kang lagi ning ngomah mung bisa meneng
weroh mbakyune karo kanca-kancane, malah Sri biyasane akon Tono lunga
“Ton,
kana turua nggone budhe sek, kanca-kancaku meh padha turu kene, kamarmu mengko
yoben dienggo kanca-kancaku, kowe ning gone budhe kan bisa turu karo mas
Sabar.”
“Aku
sesok kuwi ujian mbak, dadi kudu sinau dhisik, mengko yen ning gone budhe ora
bisa sinau wong mestine kon turu gasek, wong jam 9 lampu omah wis mesti
dipateni.”
“Sesok
esok opo ning sekolahan mbesok lak ya bisa sinau sek ta, pokoke bengi iki kowe
kudu turu gone budhe dhisik, yen ditakoni budhe ngomong wae kowe ora ana
kancane ning ngomah, ngomongo yen aku ana acara ning kampus.”
Dhasar
wonge manutan, Tono banjur menyang gone budhene gawa buku kanggo sinau, dheweke
jane ya sebel karo mbakyune, nanging wis ora bisa nglawan meneh, amarga dheweke
wedi yen mbakyune bakal muni-muni.”
Tekan
gone budhene sing saka omahe kira-kira 500meteran, Tono ditakoni marang budhene
lan jawab kaya apa sing diprentahke mbakyune, Sri. Amarga omahe budhene menyang
omahe Tono ya rada adoh dadi budhene banjur percaya marang Tono, uga ora ngecek omahe Tono ana uwong apa
ora.
Isuk-isuk
Tono sakbare shalat subuh banjur bali menyang omah, nanging lawang omah ijek
kancingan, Tono dhodhok lawang, nanging banjur dibukak marang bocah lanang kang
ana ing njero omah. Tono banjur kaget nanging ya piye meneh dheweke yen takon
bakalane mengko diseneni mbakyune.
Tangga-tangga
wes padha ngerti yen mau bengi Sri gawa kanca-kancane menyang omahe, uga ana
bocah lanang kang nginep ana ing kana. Kabar kuwi wis sumebar sak desa, nanging
Sri mono pancen bocah kang ora nduwe isin. Sak desa wis ngomongke dheweke
nanging Sri ora gubris, dheweke tetep gawa kanca-kancane menyang omahe nganti
wengi.
Kabar
kuwi uga tekan kupinge budhene, banjur budhene Sri menyang omahe Sri, Sri
dikandani sembarang-barang, nalika dheweke lagi ana ing omah nonton TV.
“Sri,
kowe ki apa tenan gawa kancamu lanang nginep ana ing omah?”
“Mboten
budhe, namung kanca ingkang setri kemawon kok budhe.”
“La
kuwi tangga-tangga ngomong karo aku supaya ngandhani kowe aja nganti gawa bocah
lanang meneh nginep ana ing kene.”
Senajan
Sri dikandani budhene kaya ngopo dheweke tetep ora gubris, dheweke tetep ora
ngaku yen gawa bocah lanang nginep ana ing omahe.
“Sri,
rungokna ya nduk, bapak ibukmu kuwi kerja nganti tekan paran kana mung gawe
golekake dhuit awakmu, supaya kowe karo adhimu kuwi bisa sekolah
sakdhuwur-dhuwure, sekolaha sing genah Sri, sekolah sing temenan supaya bisa
mbanggakake bapak lan Ibumu, supaya mengko yen kowe wis sukses bisa ngringanke
bebane bapak lan ibumu ya Sri.”
“Nggih
budhe”. Wangsulane Sri kang katon males ngrungokake kandhane budhene sing
marakake sebel ing ati.
Budhene
banjur bali amarga ngandhani Sri kuwi ya kaya ngandhani wong kang wis ora nduwe
isin tur ora bisa mikir diwasa.
Isuke
Sri mangkat kuliyah dijemput marang kancane lanang. Tekan kampus dheweke ora
malah kuliyah nanging nongkrong ana ing kantin. Kanca-kancane uga dibayari
amarga Sri lagi wae dikirimi duit marang bapak ibune kang dheweke nembunge kanggo
bayar kuliyah nanging ya sejatine mung gawe jajan lan gawe tuku bab kang ora
ana gunane.
Nalika
mlaku menyang cafe sing arep diparani Sri karo kanca-kancane, Sri kang posisine
ana ing ngarep lan gawa motore kancane, dumadakan Sri niba ana ing pinggiring
dalan lan awak karo motor kang dienggo lecet-lecet kabeh. Nalika nyebrang Sri
ora namatake yen saka arah nganan ana mobil kang mlaku banter, banjur Sri kaget
lan kesempret.
Sri
banjur digawa kanca-kancane menyang RS, Sri setengah sadar lan nangis wae amarga
awake lecet-lecet lan lara kabeh. Salah siji kancane Sri telpon budhene kang
ana ing omah, banjur budhene mara menyang RS. Budhene weroh keadaane Sri kang
kaya mangkono welas banget, ora tega weroh ponakane kaya ngana. Sri uga ngomong
budhene yen dheweke pengen weroh bapak karo ibune. Banjur budhene Sri telpon
ibune Sri kang ana ing Jakarta
“Dek,
anakmu Sri saiki lagi ana ing RS.”
“Ana
apa mbak karo Sri, bocahe orapapa kan ? kena apa kok digawa menyang RS?” ibune
Sri katon panik banget nalika diwenehi ngreti yen Sri ana ing RS.
“Orapapa
mbak, mung lecet-lecet tok, bocahe mau disrempet mobil, nanging ya kuwi ket mau
bocahe nangis wae pengen weroh bapak ibune jare.”
“Yawes
mbak, iki aku tak pamit majikanku sik, pakne ya tak telpone mbok menawa bisa
melu bali.”
“Iya
mbak ngati-ngati, ora usah kesusu, Sri ning kene tak tunggune.”
Banjur
bu Wagiya telpon pak Wagiya lan ngandani kedadeyan kang wis dumadakan. Amarga
wis entuk ijin saka majikane bu Wagiya banjur marani pak Wagiya ana ing
panggonan kerjane. Kekarone banjur padha bali numpak bis saka Jakarta.
Nalika
weroh ibune, Sri banjur nangis, lan ngelingi kabeh sing wis dilakokake nalika
ibu bapake ora ana ing omah. Sakdurunge kuwi ibu bapake Sri wis dicritani
budhene apa sing wis kedadeyan sakdurunge Sri ana ing RS. Bab Sri ngajak bocah
lanang nginep ana ing ngomah uga wis dicritakake. Kabeh bab ala kang dilakoni
Sri ibu bapane wis dicritani. Tono, adhine Sri uga nunggoni Sri nalika Sri ana
ing RS, ngancani budhene anggone nunggoni mbakyune.
Sri
banjur ngomong karo bapak ibune
“Bu,
pak. Ngapurane nggih, Sri mboten saged dados anak ingkang mbanggakake bapak
ibu, malah sagede mung ngisin-ngisini bapak ibu. Ngapunten, Sri dereng saged
njagi Tono, mboten saged dados mbakyu ingkang dados tuladha ingkang sae kagem
adhine.”
Mripate
Sri katon metu loh kang dheweke ora bisa ngempet, amarga kelingan kabeh bab ala
kang dheweke lakokake.
Bu
Wagiya banjur mangsuli
“Wis
nduk, kabeh wis kasep kedadeyan, ibu ya njaluk ngapura bisane ya malah ninggal
awakmu karo adhimu ana ing omah dhewe, sing penting aja dibeleni meneh nduk, sekolahe
kuwi ditenanani ben mbesuk bisa sukses, shalate uga sing sregep supaya anggone
kuliyah diparingi lancar marang gusti Allah.”
Sri
mung bisa nangis anggone ngrungokake ngendikane ibune, banjur Sri dikekep
marang ibune lan kekarone padha ora bisa ngempet anggone arep nangis.
Sakwise
Sri sehat, banjur bu Wagiya pamit lewat telpon marang majikane yen dheweke ora
bisa kerja maneh, amarga kudu njaga anak-anake. Banjur sing kerja menyang
Jakarta namung pak Wagiya. Utang marang rentenir uga sithik mbaka sithik wis
bisa disaur marang pak Wagiya. Rentenir kang nagih menyang omah uga wes ora
ngetok maneh. Sri anggone kuliyah wis ora tau dolan. Yen bali kuliyah ya banjur
njujuk ana ing omah. Tono anggone melu ekstrakurikuler paskibra uga bisa
menangake lomba lan bisa dadi kebanggaane bapak ibune.
-TAMAT-
Tidak ada komentar:
Posting Komentar