Kaunikan
Novel Ibu
dening Poerwadhi Atmodiharjo
dening Poerwadhi Atmodiharjo
Novel Ibu kuwi novel kang bisa gawe pembelajaran ing urip sedina-dina.
Novel kang dikarang dening Poerwadhi Atmodiharjo iki nduweni pesen-pesen urip
kang bisa dijipuk. Kayata uripe Prawita kang mung dadi tukang jait ora
ndadekake dheweke putus asa, nanging tetep semangat kerja kanggo nguripi anak
lan bojone. Prawita nglakoni urip kanthi sabar sanajan uripe mlarat lan susah,
uga tetep bisa kumpul lan urip tentrem bareng kaluwargane. Ing novel iki uga
dicritakake yen ibune tetep tresna marang anake yaiku Prawita sanajan bapak
karo kangmase wis ora preduli meneh karo Prawita. Novel iki uga nuduhake yen
manungsa kuwi ora oleh mbedakake pangkat lan drajate wong liya, amarga ing
ngarepe Gusti Allah kabeh manungsa kuwi padha.
Basa kang digunakake pengarang
kanggo babarake crita gampang dimangerti, amarga nggunakake basa sedina-dina.
Alur novel kang nganggo alur campuran iki bisa ndadekake sing maca penasaran
kepriye lanjutan lan akhir critane. Alur campuran uga salah siji bab kang ndadekake novel luwih unik lan nambah
ketertarikan wong kang maca. Saka novel iki wong sing maca uga bisa nyinaoni
kepriye carane nyusun kalimat kang bener, uga milih kata kang pas ing sajroning
nggawe karangan basa jawa.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar