Minggu, 22 November 2015

Geguritan "Kekancan Sejati"


Kekancan Sejati
dening Istikomah

Kanca…
Aku sedhih kowe nglipur
Aku lara kowe nambani
Aku ora isa kowe ngandhani

Kanca…
Saka awakmu aku ngreti kekancan sejati
Kekancan kang ora teka nalika susah
Lan lunga nalika bungah
Nalika susah tanganmu tansah mbiyantu
Nalika bungah atimu tansah melu
Kanca…
Siji pangarepku kanggo awakmu
Janji bebarengan ora kalangan adoh lan waktu
Saklawase…

Rabu, 18 November 2015

Geguritan "Jelumpet"


Jelumpet
dening Istikomah

Padhang ya bulane wengi iki
Ayo pada ngumpul
Ayo pada dolanan
Dolanan jelumpet

Sapa sing dadi?
Sapa sing pupuk bawang?
Ayo hompipah aja nganti kalah

Siji loro telu papat lima enem pitu wolu sanga se…puluh
Ayo pada ngumpet
Mumpete aja rapet-rapet
Ati-ati ngko ndak midhak sing anget-anget

Geguritan "Suwung"



Suwung
dening Istikomah

Detik wis kaliwat
Menit wis kaliwat
Jam wis kaliwat
Semono uga dina-dinaku kang wis kaliwat

Dina-dina kang ora ana pesthine
Dina-dina kang ora ana ancase
Dina-dina kang ora ana rasane
Dina-dina kang ora jelas arahe

Sejatine….
Ati iki pengin nduweni rasa kang endah
Kang bisa dadi panglipur ati kang bubrah