Tradhisi Merti Desa
Tradhisi merti desa yaiku tradhisi wujud syukur warga Desa Terban,
Kecamatan Pabelan, Kabupaten Semarang ingkang dipunwontenaken dening para warga
ingkang sampun diparingi kasil panen ingkang kathah lan sampun diparingi rejeki
ingkang gampil dening Gusti Allah.
Tradhisi merti desa menika tradhisi ingkang sampun diwontenaken turun
temurun uga dipunwontenaken satunggal tahun sepisan saksampunipun panen kaping
kalih ing satahun.
Acara-acaranipun yaiku ing wekdal enjing wonten pembersihan desa, makam,
lan area masjid. Ndalunipun wonten pagelaran wayang kulit kaliyan pementasan
beksan rodat.
Beksan rodat menika inggih beksan ingkang dipunpentasaken dening 5
ngantos 15 pambeksa. Biasanipun dipunbeksa dening warga asli Terban. Beksa
rodat menika beksa ingkang sampun berkembang dangu.
Properti ingkang dipunbekta dening pambeksa rodat inggih menika topi,
kacamata, rompi, katok dowo, kaos kaki, sampur lan kipas. Ingkang ngiring
beksan rodat menika wonten rebana, kendang, uga bedhuk. Uga wonten setunggal
penyanyi ingkang ngiringi. Lagunipun kados sholawatan.
Beksan rodat saksanesipun dipunpentasaken ing acara merti desa uga
dipunpentasaken ing acara HUT Kemerdekaan RI uga acara ngantenan.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar