Esemu
dening Istikomah
Esemu nduk… ndandekake ayem ing ati
Lakumu tansah nyenengke
wong kang ndeloki
Lenggak-lenggok ing
panggung gedhe kang dihiasi
Ngarepe panggonan kang
bisa dilungguhi
Rupamu katon edi
Diwenehi pupur kang
wangi
Lan gincu lambe
mbranangke esem
Mpripate belok ndadekake
wong kesengsem
Tidak ada komentar:
Posting Komentar