Analisis Cerkak “Kembang Api Gawe Jengkel” yang Termasuk Dalam Morfem Nonmurni
Swara manuk padha saut-sautan nang nduwure langit kang
saya padang kana srengenge sing nembe tangi saka turune. Mibar miber katon
endah disawang nang saben wong sing liwat. Wit-witan padha ngulet kena angin
kang sumilir nang esuk iku. Wong-wong padha mlaku-mlaku kanggo olahraga sikil
lan menikmati dina prei cuti bersama. Aku karo telu kancaku melu mlaku-mlaku
uga neng esuk kuwi. “mengko dolan yuh cah papat, padha gelem ra ?” Budi takon
marang bocahan. Kabeh sibuk dewek karo HPne, “aku emoh lah, lagi langka duwit”
Lina semaur. “emang dolan kudu nganggo duwit ya ?” Iqro nututi ngomong. Aku
meneng wae ora melu nanggapi omongane Budi mau.
Ora krasa wong papat mau wis mlaku adoh saka umahe,
banjur padha ngaso nang pinggir dalan karo ngelanjutake omong-omongan sing mau.
Kabeh padha njagong slonjor ngeler beyekan, merga kesel tes mlaku adoh.
Srengenge katon laju menduwur, para tani padha mangkat sawah. Simpang siur wong
liwat ora ditanggapi nang wong papat mau. Kabeh asik crita disambi dolanan
HPne. “iki deleng cah aku olih SMS saka kancaku, wacanen iki loh, haha” Lina
nidoke HPne karo ngguyu ngakak. Aku maca SMS kuwi kanthi banter “jalan apa sing gawe
wong galo?”jawabane “jalan-in saja dulu”. Kabeh pada ngguyu maca SMS nang
HPne Lina mau.
Sawise ngaso suwe wong papat mau padha bali umahe
dhewe-dhewe langsung padha adus siap-siap arep dolan maring Pante Menganti sing
ana nang Kebumen. Jam dinding nunjukake wis jam tengah sepuluh. Bocah papat mau
padha kumpul nang umahe Budi, umahe Budi biasa kanggo ngumpul-ngumpul bocah
papat mau. Soale bocah papat mau wis batiran awit cilik nganti gedhe, selalune
angger lunga dolan bareng terus. Wis kaya keluarga kaya kakang adhi padha
akure. Aku, Lina, Iqro bengok-bengok nang ngrep umahe Budi supaya Budi ndang
metu dadi gutul pante ora kawanen. Perjalanan maring Pante Menganti kira-kira mbutuhake
wektu rong jam setengah, merga adoh dadi padha mangkat gasik. “ayuh capcus
mangkat, aku mbonceng ya.” Aku ngajak ndang mangkat. Banjur padha mangkat, aku mbonceng
Iqro lan Lina mbonceng Budi. Nang dalan padha omong-omongan wae supayane sing nyetir
ora keselen lan ora ngantuk merga perjalanan adoh.
Jam 12 gutul nang Pante Menganti, motor diparkirake
nang parkiran lan cah papat langsung maring pante. Seneng rasane wis gutul pante
ya walo kesel nang perjalanan. “ayuh dolanan banyu aja padha ngelu kesel wae,
nek dolanan kan kesele ilang, ayuh poto bareng.” Aku narik tangane Budi karo
Iqro sing keselen tes nyetir motor. Banjur kabeh padha bengok-bengok ngetokake
unek-unek sing ngganjel nang atine. “aku bebas, aku seneng, aku teyeng liburan
!” swarane Budi mbengok-bengok banter kaya toa nang masjid. Bocah papat padha
ngguyu bebas banget nang pinggiran pante kuwi. Lina nangis seneng mergane bar
putus karo pacare lan esih ana batir kang peduli marang dheweke. “aja ana
nesu-nesunan antara dhewek cah papat pokoke, dewe senasib seperjuangan, seneng
susah kudu dirasakna bareng-bareng.” Aku ngajak rangkulan kabehan.
Ora krasa wis 4 jam dolanan nang pante, banjur padha
golet panganan karo sisan bali. Saka Kebumen jam 4 mampir mangan, gutul umah
bar maghrib. Awak kesel tembe bali aku langsung dikongkon njujugna mama karo
adhiku marang Alun-alun Purbalingga, jare arep taun baruan. Aku nembe
sadar nek siki tanggal 31 Desember 2014, berti malem taun baru. Bener wae
tanggane sing padha duwe anak cilik padha geger njaluk marang Alun-alun tuku
trompet karo ndeleng kembang api. Aku banjur SMS kanca-kancaku sing mau lunga
dolan bareng maring pante. “iki malem taun baru ya, nonton kembang api bareng yuh
?” SMS ku marang Lina, Budi, Iqro. Wong telu padha njawab “aku arep lunga dewek
karo pacarku, ngapurane wae ya nov.” “aku wis janjian karo kanca kerjaku arep bakar-bakaran
ayam nang umahe.” “aku lunga karo mamake karo adhine taun baruane, ngapurane
ya.” Aku kecewa marang kanca-kancaku, aku banjur golet kanca sing bisa dijak
taun baruan. Bareng wis olih dinteni ora teka-teka gole njemput aku.
Saiki wis jam 10 wengi aku urung uga dijemput, kanca
kenalanku kuwi banjur tak telpon mastikake sida lan orane taun baruan karo aku.
Bareng ditelpon malah wonge lagi lunga karo kanca-kancane. Atiku mangkel, wis
dandan gari mangkat taun baruan malah kur dilombo nang wong. Akhire aku wis
pasrah,wis ora ngarep-ngarep nonton kembang api nang malem taun baru kuwi. Aku
langsung mlebu umah lan mapan turu nang kamar. Wis lagi arep merem ana sing SMS
ngajaki tonton kembang api, jebul sing SMS Iqro. Aku sing lagi emosi merga dilomboni,
langsung wae SMSe Iqro tak jawab “emoh”. Iqro
bingung marang aku, mau ngajak nonton giliran aku ngajak jawabe emoh. Iqro
tetep maksa aku kon nonton kembang api bareng karo deweke. Aku ditelponi wae,
akhire kepeksa aku semaur gelem karo ati esih mangkel.
Ora suwe Iqro wis nang ngrep umahku, tapi aku esih nang
njero lan urung ganti klambi. Soale aku wedi menawa dilomboni maneh. Aku metu
nemoni Iqro karo rai sing esih emosi. “aja jengkel wae, wis ayuh dandan lunga
nonton kembang api mumpung esih jam 11.” “iya” aku semaur karo mrengut ninggalna
Iqro mlebu umah kanggo ganti klambi. “senyum disit ngko ayu.” Iqro ngledek aku.
Aku banjur lunga marang alun-alun. Dalane macet merga wonge padha metu kabeh ngerayakaken
malem pergantian taun karo motoran muter-muter. Gutul alun-alun pas jam 00.00,
kembang apine padha ditabuh saut-sautan swarane.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar